35 Gusti Yesus banjur ngandika maneh: “Nalika kowe padha dakutus kae, ora nggawa rajut, kanthong utawa trumpah, apa kowe tau padha kekurangan apa-apa?”
Tumuli mberkahi marang Sang Yusuf: “Eyangku lan ramaku, Eyang Abraham lan Rama Iskak, tansah ngabekti marang Gusti Allah. Iya Gusti Allah iku kang dadi pangenku sajegku urip tekan saiki.
Sang Prabu Pringon banjur ndangu: “Sira kekurangan apa ta ana ing ngarsaningsun?” Atur wangsulane: “Kawula boten kekirangan punapa-punapa, nanging sanadyan makaten, kawula kalilana kesah.”
Ature para sakabat: “Boten babar pisan.” Pangandikane Gusti Yesus: “Nanging saiki iki, sing sapa duwe rajut, kagawaa, mangkono uga kang duwe kanthong; lan kang ora duwe pedhang, ngedola jubahe kanggo tuku.
sarta padha dipangandikani mangkene: “Aja padha nggawa apa-apa kanggo ana ing dalan, aja nggawa teken utawa sangu roti utawa dhuwit, utawa klambi rangkep.
kang maringi pangan man marang kowe ana ing pasamunan, kang durung tau disumurupi dening para leluhurmu, karsane ngesorake atimu lan nyoba marang kowe, kang karsane mung arep nandukake kabecikan marang kowe, ing wekasane.