34 Nanging Gusti Yesus ngandika: “Aku pitutur marang kowe, Petrus: ing dina iki bakal ora ana jago kluruk, sadurunge kowe nyelaki Aku nganti ping telu.”
Pangandikane Gusti Yesus: “Aku pitutur marang kowe: Satemene ing dina iki, ing bengi iki uga, sadurunge jago kluruk ping pindho, kowe bakal wis nyelaki Aku kaping telu.”
Gusti Yesus banjur minger mirsani Petrus. Petrus nuli kelingan, yen Gusti wis ngandika marang dheweke: “Sadurunge jago kluruk ing dina iki, kowe wis nyelaki Aku kaping telu.”
Paring wangsulane Gusti Yesus: “Nyawamu bakal koketohake kanggo Aku? Satemen-temene pituturKu marang kowe: Sadurunge jago kluruk, kowe wus nyelaki Aku ambal ping telu.”