Wangsulane bandarane: Becik banget pagaweanmu iku, heh, batur kang becik lan tumemen; kowe wis ngatonake tumemenmu tumrap prakara sapele, kowe bakal dakpasrahi nindakake prakara gedhe; mara, lumebua lan melua ngrasakake kamuktening bandaramu.
Tumuli Sang Nata bakal ngandika marang kang ana tengene: Heh, para kang binerkahan dening RamaningSun, mara, padha tampanana warisan Kraton, kang wis kacawisake marang sira wiwit dumadining jagad.
Pangandikane Gustine: Apik banget pagaweanira, heh, abdi kang becik. Sarehne sira tumemen ing bab kang sapele, mulane sira sunparengake nguwasani kutha sapuluh.
Saben wong kang melu balapan, iku njaga dhirine ing samubarang prakara. Wong mau padha tumindak mangkono supaya oleha makutha kang kena ing rusak; balik kita padha ngarah bisaa oleh makutha kang langgeng.
Lan pangarep-arepku tumrap kowe iku tetep, awit aku padha sumurup, manawa padha kaya anggonmu melu kapanduman kasangsaranku kabeh, kowe iya padha melu kapanduman ing panglipur.
Rungokna ta, sadulur-sadulurku kang daktresnani, Gusti Allah apa ora wus milih wong miskin ing donya iki, supaya padha dadia sugih ing sajroning pracaya sarta padha dadi ahli-warise Kraton, kang wis diprasetyakake marang kang padha nresnani Panjenengane?