24 Kacarita para sakabat iya padha diya-diniya bab panunggalane sapa kang bakal dianggep dhuwur dhewe.
Ing nalika iku para sakabat padha sowan ngadhep ing ngarsane Gusti Yesus lan matur pitakon: “Sinten ta ingkang pinunjul wonten ing Kratoning Swarga punika?”
Nanging kabeh padha meneng bae, sabab nalika ana ing dalan mau padha padudon bab sapa kang dhuwur dhewe ing antarane para sakabat iku.
Banjur padha wiwit takon-tinakon, panunggalane iku sapa baya kang bakal tumindak mangkono.
Kacarita para sakabat padha padudon bab sapa sing pinunjul saka ing antarane.
Kowe padha tresna-tinresnanana dikaya sadulur, lan dadia tuladha ing bab ajen-ingajenan.
Katresnan iku sabar; katresnan iku loma, ora kumeren, ora gumunggung lan kumenthus.