Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 22:22 - Kitab Sutji

22 Sabab Putraning Manungsa pancen bakal jengkar miturut ing pepesthen, nanging bilai wong kang dadi margane anggone kaulungake.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 22:22
26 Iomraidhean Croise  

Karodene Ingsun bakal ndadekake memungsuhan ing antarane sira lan wong wadon iki, lan ing antarane turunira lan turune wong wadon iki; turune wong wadon iki bakal ngremuk endhasira lan sira bakal ngremuk tungkake.”


“He pedhang! Sira nempuha abdiningSun juru pangon, wong kang raket banget kalawan Ingsun!” Mangkono pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi. “Juru pangon iku patenana, temahan wedhuse banjur padha buyar, sarta Ingsun bakal ngagem astaningSun Sunagem nglawan marang kang ringkih,


Putraning Manungsa pancen bakal linggar, cocok karo kang katulis tumrap Panjenengane, nanging bilai wong kang dadi margane Putraning Manungsa kaulungake. Luwih becik upama wong iku ora lair.”


Dhuwit banjur diuncalake dening Yudas menyang sajroning Padaleman Suci, nuli lunga saka kono lan mati nggantung.


Putraning Manungsa pancen bakal jengkar ngetrepi apa kang wis katulis tumrap Panjenengane, nanging bilai wong kang dadi margane Putraning manungsa kaulungake. Luwih becik, saupama wong iku ora lair.”


Banjur padha wiwit takon-tinakon, panunggalane iku sapa baya kang bakal tumindak mangkono.


Pangandikane: “Ana kang katulisan mangkene: Sang Kristus pinasthi nandhang sangsara lan ing telung dinane wungu saka ing antarane wong mati.


Salaminipun Kawula nunggil kaliyan tiyang-tiyang punika, Kawula ingkang ngreksa wonten ing asma Paduka, inggih punika asma ingkang sampun Paduka paringaken dhateng Kawula; Kawula sampun rumeksa dhateng tiyang-tiyang wau ngantos boten wonten tiyang satunggal kemawon ingkang ical kajawi namung tiyang satunggal ingkang sampun pinesthi kedah ical, supados kayektosana wiraosing Kitab Suci.


Punapadene Panjenenganipun sampun paring bebahan dhateng kula sadaya, martosaken dhateng sabangsa sadaya saha dados paseksi, bilih inggih Panjenenganipun punika ingkang pinasthi dening Gusti Allah dados Hakim tumrap tiyang ingkang gesang saha ingkang pejah.


Amargi Panjenenganipun sampun namtokaken dinten anggenipun badhe ngadili jagad ing saleresipun, lumantar tiyang ingkang sampun kapiji, mawi dipun yektosaken dhateng tiyang sadaya srana dipun wungokaken saking antawisipun tiyang pejah.”


Panjenenganipun ingkang kaulungaken dening Gusti Allah miturut karsa saha rancanganipun punika sampun panjenengan salib sarta panjenengan sedani lumantar tanganipun bangsa-bangsa ingkang duraka.


Dene para nabi iku padha niti-priksa: jaman apa sarta kapriye karsane Rohe Sang Kristus, kang ana ing batine, yaiku Roh kang sadurunge paring paseksen bab sakehing kasangsaran kang bakal tumempuh marang Sang Kristus sarta bab sakehing kamulyan ing sawise iku.


Sarta marga saka srakahe, guru-guru palsu iku bakal padha ngudi golek kauntungan saka kowe kabeh kanthi dongeng-dongenge kang ngayawara.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan