Nabi Musa tumuli mundhut getih mau sarta dikepyurake marang bangsa iku kalawan ngandika: “Lah iki getihing prajanjian kang dianakake dening Sang Yehuwah karo kowe kabeh, adhedhasar sakehe pangandika mau.”
Mangkono uga tuwunge, sawuse dhahar, pangandikane: “Tuwung iki prajanjian anyar kang kaecap kalawan getihKu. Saben-saben kowe padha ngombe, iku gawenen pangeling-eling marang Aku!”
Panjenengane uga kang wus mbisakake aku padha dadi abdining prajanjian anyar, kang ora saka angger-angger kang katulis, nanging saka Roh, sabab angger-angger kang katulis iku mateni, dene Roh iku nguripake.
Dene Gusti Allahing tentrem-rahayu kang kanthi rahing prasetyan kang langgeng wus ngentasake saka ing antarane wong mati. Pangene sakabehing wedhus kang pinunjul, iya iku Gusti Yesus, Gusti kita,
Mulane Panjenengane jumeneng Pantawise pranjanjian kang anyar, supaya wong-wong kang wus katimbalan padha bisaa tampa warisan langgeng kang kaprasetyakake, amarga Panjenengane wus seda kanggo nebus panerak-panerak kang ditindakake ing sajrone prajanjian kang wiwitan.
Sabab sawijining layang wasiyat iku lagi bisa sah, manawa kang gawe wasiyat iku wus ngajal, sabab wasiyat iku ora tumindak, salawase kang gawe wasiyat mau isih urip.