Nanging bareng wong-wong kang nyewa weruh anake mau, banjur padha rasanan mangkene: Iku ahli warise, ayo dipateni bae, supaya warisane dadi duwekku kabeh.
Kacarita kurang rong dina wis riyaya Paskah lan riyaya Roti Tanpa Ragi. Para pangareping imam lan para ahli Toret padha golek dalan bisane nyekel lan nyedani Gusti Yesus kalawan paekan
Para ahli Toret lan para pangareping imam banjur padha ngudi nyepeng Panjenengane nalika iku uga, amarga padha ngreti, yen dheweke kabeh kang dikarsakake ana ing pasemon iku, nanging padha wedi marang wong akeh.
Anadene para pangarepe imam lan para wong Farisi wus padha ndhawuhake prentah, manawa ana wong kang weruh panggonane, tumuli ngaturana uninga supaya kenaa kacepeng.
Awitdene sayektosipun Sang Prabu Herodhes saha Sang Pontius Pilatus, kaliyan para bangsa tuwin suku-bangsa Israel sampun sami nglempak wonten ing kitha ngriki, sumedya ngayoni Gusti Yesus, Abdi Paduka ingkang suci, ingkang Paduka jebadi