Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 22:18 - Kitab Sutji

18 sabab Aku pitutur marang kowe: wiwit saiki iki Aku ora bakal ngombe pametuning wit anggur maneh, nganti tumeka sawise Kratoning Allah rawuh.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 22:18
22 Iomraidhean Croise  

punapadene anggur ingkang mbingahaken manahing manungsa, ingkang damel rainipun manungsa sumringah margi saking lisah, saha tetedhan ingkang ngiyataken manahipun tiyang.


Yayi, pengantenku, aku teka ing pakebonanku, ngumpulake mur lan anggi-anggiku, dakpangan tala lan maduku, dakombe anggur lan puwanku. Para mitra, mangana lan ngombea, ngombea nganti mendem tresna!


Pangeran Yehuwah Gustining sarwa dumadi ana ing gunung Sion kene bakal nganakake bujana kanggo sakehing bangsa arupa olah-olahan kang gurih, bujana kang awujud anggur lawas, olah-olahan kang gurih lan mawa sungsum, anggur lawas kang kasaring endheg-endhege.


He sakehe wong kang ngelak, padha mrenea lan ngombea banyu, apadene sira kang ora duwe dhuwit, mrenea! Nampanana gandum tanpa bayar lan mangana, uga anggur lan susu tanpa bayar!


Nanging ing jamanipun para ratu, Allahipun saindenging langit badhe ngedegaken satunggaling karajan ingkang boten badhe risak ing salami-laminipun, sarta pangwaosipun boten badhe pindhah dhateng bangsa sanes: karajan punika badhe nggecak sadaya karajan saha sami dipun sirnakaken, nanging karajan punika piyambak badhe madeg ing salami-laminipun,


Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi bakal ngayomi umate, temah iku bakal nyirnakake lan ngidak-idak watu-watu bandhil. Bakal padha ngombe getih kaya anggur, lan padha dadi kebak kaya bokor siraman, kaya pojok-pojoking misbyah.


Pranyata kaanane luwih dening adi lan endah! Para pemudhane padha wlagang tuwuhe marga saka gandum lan pemudhine marga saka anggur.


Lan Aku iya pitutur marang kowe: Kowe iku Petrus, sarta watu karang iki bakal dakanggo tetalesing pasamuwanKu, kang ora bakal dikuwasani dening pati.


Mung bae Aku pitutur marang kowe: Wiwit saiki Aku ora bakal ngombe maneh pametuning wit anggur iki, nganti tumeka dinane Aku ngombe kang anyar bebarengan karo kowe ana ing Kratoning RamaKu.”


Sawise mangkono, Gusti Yesus banjur mundhut tuwung, lan sawise saos sokur tuwung nuli diparingake marang para sakabat. Kabeh banjur padha ngombe saka ing tuwung mau.


Aku pitutur marang kowe: Satemene Aku ora bakal ngombe maneh saka pametune wit anggur, nganti tumeka dinane Aku bakal ngombe kang anyar ana ing Kratoning Allah.”


Tumuli dicaosi ngunjuk anggur kang dicampuri mur, nanging ora karsa.


Pangandikane maneh mangkene: “Aku pitutur marang kowe, satemene wong kang ana ing kene iki ana kang bakal ora mati, sadurunge padha ndeleng rawuhe Kratoning Allah kalawan panguwasa.”


Mangkono uga manawa kowe padha nyumurupi lelakon mau, padha mangretia yen Kratoning Allah wis cedhak.


Awit Aku pitutur marang kowe: Aku ora bakal mangan iku maneh, nganti tumekane iku wis kayektenan ana ing Kratoning Allah.”


Aku pitutur marang kowe: Satemene ing antarane wong kang ana ing kene iki, ana kang bakal padha ora ngrasakake pati, manawa durung nyumurupi Kratoning Allah.”


Panjenengane wus ngluwari kita saka panguwasaning pepeteng, kaelih menyang kratone Sang Putra kang kinasih.


Nanging wit anggur mangsuli: Apa kiramu aku gelem ninggal duduhe wohku anggur, kang ndadekake renaning panggalihe Gusti Allah lan gawe senenging manungsa, banjur lunga nglayang ana ing dhuwur wit-witan?


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan