Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 22:17 - Kitab Sutji

17 Sawise mangkono Panjenengane banjur mundhut tuwung, saos sokur nuli ngandika: “Iki tampanana lan edumen kang warata,

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 22:17
15 Iomraidhean Croise  

Aku arep njunjung tuwunging pangentasan lan arep nyebut asmaning Pangeran Yehuwah,


Paduka nata pasegahan kangge kawula, wonten ing ngajengipun satru kawula; sirah kawula Paduka jebadi kaliyan lisah, tuwung kawula kebak mancep-mancep.


uga ora ana kang nyuwil-nyuwil roti palayadan kagawe nglipur wong kang kepaten. Malah ora ana kang ngulungi tuwung panglipur marang dheweke, marga kepaten bapa utawa biyunge.


Wong akeh mau banjur padha didhawuhi linggih ana ing pasuketan. Lan sawise nampani roti lima karo iwak loro mau, Gusti Yesus banjur tumenga marang ing langit ndedonga nyuwun berkah, tumuli rotine dicuwil-cuwil diparingake marang para sakabat, lan para sakabat kang ngedum marang wong akeh mau.


Sawise mangkono Panjenengane banjur mundhut roti pitu lan iwak-iwak mau lan sawise caos sokur, banjur padha dicuwil-cuwil lan diparingake marang para sakabat, sarta para sakabat padha ngedum marang wong akeh.


Nalika padha mangan, Gusti Yesus mundhut roti, lan sawise diberkahi, banjur dicuwil-cuwil sarta diparingake marang para sakabate, pangandikane: “Padha tampanana, panganen, iki badanKu.”


Nalika padha mangan, Gusti Yesus banjur mundhut roti, sawise dibarkahi tumuli dicuwil-cuwil sarta diparingake marang para sakabat, kalawan ngandika: “Padha tampanana, iki sariraKu.”


Tumuli mundhut roti, saos sokur, banjur nyuwil-nyuwil roti mau kaparingake marang para sakabat kalawan ngandika: “Iki badanKu kang kaparingake marga saka kowe. Iki tindakna minangka pangeling-eling marang Aku.”


Gusti Yesus nuli mundhut roti lima lan iwak loh loro mau, banjur tumenga ing langit, tumuli paring berkah lan sawise mangkono rotine banjur dicuwil-cuwil diparingake marang para sakabat supaya diratakake marang wong akeh.


Sing sapa ngajeni marang sawijining dina, iku anggone ngajeni kagem Gusti. Lan sing sapa mangan, iku pamangane cumadhang ing Gusti, marga wong iku saos sokur marang Gusti Allah. Lan sing sapa ora mangan, anggone ora mangan iku iya cumadhang ing Gusti, lan uga saos sokur marang Gusti Allah.


Tuwunging pamuji sokur kang kita pujekake, apa ora minangka patunggalan klayan rohe Sang Kristus? Apa roti kang kita cuwil-cuwil iku ora minangka patunggalan klayan sarirane Sang Kristus?


Sabab apa kang wis daktampa saka Gusti iku, iya wus dakluntakake marang kowe, yaiku, yen Gusti Yesus, ing wayah bengi nalikane Panjenengane ndungkap kaulungake, mendhet roti,


Kowe bakal mangan nganti wareg, lan kowe banjur bakal padha ngluhurake Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marga saka nagara kang becik kang diparingake marang kowe iku.


Manawi sampeyan mlebet ing kitha, tamtu enggal pinanggih, saderengipun panjenenganipun minggah ing tetengger badhe dhaharan. Awit tiyang kathah boten badhe nedha saderengipun panjenenganipun rawuh, ujer panjenenganipun ingkang mberkahi kurban, sasampunipun punika para suruhan sami nedha. Enggal sampeyan mangkat sapunika, sampeyan mesthi enggal pinanggih.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan