9 Sarta manawa kowe krungu pawarta bab peperangan lan kraman, aja padha kaget. Awit iku kabeh mesthi kudu kalakon dhisik, ewadene iku durung ateges, yen bakal enggal tumeka ing wekasaning jaman.”
“Sira aja ngarani sekuthon marang samubarang kabeh kang diarani sekuthon dening bangsa iki, lan apa kang diwedeni, aja padha sira wedeni sarta aja padha gumeter ndeleng iku.
Paring wangsulane: “Sing padha waspada, supaya kowe aja nganti disasarake. Amarga bakal ana wong akeh kang padha teka nganggo jenengKu lan calathu: Iya aku iki Panjenengane lan iki wus ndungkap wektune. Kowe aja ngetut-buri wong-wong iku.