Kang siji matur takon marang kang ngagem pangageman lena, kang ana ing sadhuwure banyuning kali mau: “Bening punapa prakawis-prakawis ingkang ngeram-eramaken punika anggenipun badhe rampung?”
Bareng Gusti Yesus lenggah ing gunung Zaitun, para sakabat padha ngadhep ing ngarsane piyambakan lan matur: “Guru, mugi karsaa paring sumerep dhateng kawula sadaya, benjing punapa badhe kalampahanipun punika, sarta punapa tandha-tandhanipun rawuh Paduka saha dinten wekasan?”
“Manawa kowe padha weruh pangrusak kang ambek siya ngadeg ana ing papan kang dudu samesthine – sing padha maca padha migatekna – wong-wong kang ana ing tanah Yudea padha ngungsia menyang ing pagunungan.
Paring wangsulane: “Sing padha waspada, supaya kowe aja nganti disasarake. Amarga bakal ana wong akeh kang padha teka nganggo jenengKu lan calathu: Iya aku iki Panjenengane lan iki wus ndungkap wektune. Kowe aja ngetut-buri wong-wong iku.