Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 21:6 - Kitab Sutji

6 “Apa kang padha kokdeleng iku bakal tumeka ing wektu ora ana watu siji bae kang lestari tumumpang ing watu liyane; kabeh bakal padha digempur.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 21:6
20 Iomraidhean Croise  

“Nalika jamanipun Sang Prabu Hizkia, ratu ing Yehuda wonten tiyang, namanipun Mikha, tiyang Moresyet, ingkang sampun meca saha cariyos dhateng bangsa Yehuda sadaya, tembungipun: Pangandikanipun Sang Yehuwah, Gustinipun ingkang sarwa dumados makaten: Sion bakal diwluku kaya pategalan, lan Yerusalem bakal dadi jugrugan, sarta gununging Padaleman Suci bakal dadi gunung kang ana alase.


temah Ingsun bakal ndadekake omah iki kaya Silo, lan kutha iki dadi ipat-ipat tumrap sakehing bangsa ing salumahing bumi.”


Yagene kowe meca demi asmane Sang Yehuwah, kalawan kandhamu: Omah iki bakal padha kaya Silo lan kutha iki bakal dadi jugrugan, temah ora ana kang manggon ing kono maneh?” Lah rakyat kabeh nuli padha nglumpuk ngrubung Nabi Yeremia ana ing padalemane Sang Yehuwah.


Adhuh lae, emas iku kok surem temen, emas murni kok malih; watu-watu suci iku padha kabuwang ana ing pojoke saben lurung.


Awit saking redi Sion ingkang sampun ludhes, segawon-segawon wana sami pating kluyur wonten ngriku.


Kang iku marga saka sira Sion bakal diwluku kaya pategalan lan Yerusalem bakal dadi jugrugan, sarta gununge Padaleman Suci bakal dadi gunung kang kasasaban ing alas.


He Libanon, gapuramu padha wengakna, supaya witira eres padha kamangsaa ing geni.


Ingsun bakal nglumpukake sakehe bangsa, kang bakal padha nglurugi perang marang Yerusalem, kutha iku nuli bakal direbut, omah-omahe padha dijarah-rayah, wonge wadon padha dirusuhi. Wong isine nagara separo kagawa metu menyang pambuwangan, nanging kekarene umat ora bakal katumpes saka ing kutha kono.


Banjur padha dipangandikani: “Apa kowe padha ndeleng iku kabeh? Satemene Aku pitutur marang kowe, bakale ing kene ora ana watu siji bae kang lestari tumumpang ing watu liyane, kabeh bakal dijugrugi.”


Gusti Yesus banjur paring wangsulan, pangandikane: “Kowe nyawang yeyasan kang gedhe endah iki? Besuk bakal ora ana watu kang lestari tumumpang ing watu liyane, kabeh bakal padha dijugrugi.”


Wong-wong mau banjur padha matur pitakon: “Guru, benjing punapa kalampahanipun punika? Saha punapa ngalamatipun manawi punika badhe kalampahan?”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan