Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 21:35 - Kitab Sutji

35 Amarga iku bakal nungkebi marang sakabehing wong kang dumunung ing bumi iki.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 21:35
10 Iomraidhean Croise  

Amarga pitung dina engkas, Ingsun bakal nekakake udan ing bumi lawase patang puluh dina patang puluh bengi, sarta sakehing dumadi karyaningSun bakal Sunsirnakake saka ing salumahe bumi.”


Wong duraka padha diudani areng mengangah lan welirang; angin kang nggesengake ngebaki tuwunge.


Awit manungsa ora sumurup marang wektune; kayadene iwak kang kena ing jala kang mbilaeni, lan kayadene manuk kang kena ing kala, iya mangkono iku para anaking manungsa anggone padha kena ing jireting mangsa-kala kang kojur, yaiku manawa padha tinempuh ing bab iku kalawan dadakan.


Para sakabat banjur padha munjuk marang Gusti Yesus: “Wonten ing pundi, Gusti?” Paring wangsulane: “Ing ngendi ana mayit, iya ing kono manuk-manuk garudha bakal padha nglumpuk.”


“Padha jaganen awakmu dhewe, atimu aja nganti kabotan dening pista gedhen lan mendem, tuwin dening kasusahaning ngaurip sarta supaya Dinaning Pangeran mau aja nganti tumempuh marang kowe kalawan dadakan kayadene kalajiret.


Padha tansah jumagaa lan ndedongaa, supaya kowe diparingana kakuwatan kang njalari kowe padha ora bakal katempuh dening apa kang bakal kalakon iku lan supaya kowe padha bisa tahan anggonmu ana ing ngarsane Putraning Manungsa.”


Sadaya bangsa lan sadaya umat kadadosaken dening Panjenenganipun saking tiyang satunggal, supados sami ngenggeni jagad punika sadaya punapadene Panjenenganipun sampun namtokaken mangsa-mangsa tuwin wates-watesing pamanggenipun.


“Wruhanira, Ingsun rawuh kaya maling. Rahayu, wong kang jumaga lan kang ngrumat sandhangane, supaya anggone lumaku aja nganti kalawan wuda lan katon kawirangane.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan