Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 21:34 - Kitab Sutji

34 “Padha jaganen awakmu dhewe, atimu aja nganti kabotan dening pista gedhen lan mendem, tuwin dening kasusahaning ngaurip sarta supaya Dinaning Pangeran mau aja nganti tumempuh marang kowe kalawan dadakan kayadene kalajiret.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 21:34
37 Iomraidhean Croise  

Payo, bapak diaturi ngunjuk anggur, nuli padha ngewori turu, supaya kita padha oleh turun saka bapak.”


Kelakon bareng bengi bapakne iya padha diaturi ngunjuk anggur maneh. Kang enom nuli nusul awor turu, dene Lut ora sumurup apa-apa, dadia anggone anake nusul utawa anggone tangi.


Yakub tumuli njupuk cempe lan diaturake marang kang ibu; sarta kang ibu banjur olah dhaharan kang enak, kaya kang dadi kersane ramane.


Tiyang punika kadhatengana ing bilai ingkang boten kanyana-nyana, sarta kajireta ing kala ingkang kapasang piyambak, kajengipun dhawah temah sirna!


Mripat kang kumlungkung lan ati kang gumunggung, kang dadi damare wong duraka, iku dosa.


Aja srawungan karo wong kang karem ngombe anggur, lan kang karem marang daging;


Awit manungsa ora sumurup marang wektune; kayadene iwak kang kena ing jala kang mbilaeni, lan kayadene manuk kang kena ing kala, iya mangkono iku para anaking manungsa anggone padha kena ing jireting mangsa-kala kang kojur, yaiku manawa padha tinempuh ing bab iku kalawan dadakan.


Nanging sanadyan wong-wong ing kene iya padha mumet marga saka anggur lan ngelu marga saka arak Imam utawa Nabi mumet marga saka arak, bingung marga saka anggur; padha mumet marga saka arak, mumet nalika weruh wahyu, sempoyongan nalika aweh putusan.


Pikirane kadadekake buntet, dening anggur lan duduhe woh anggur.


“Sira dalah anak-anakira aja padha ngombe anggur utawa sadhengah inuman keras, samangsa sira padha lumebu ing Tarub Pasewakan, supaya sira aja nganti padha nemahi pati. Iku dadia pranatan kanggo ing salawase turun-tumurun,


Sabanjure kang kasebar ing eren, yaiku wong kang ngrungokake pangandika, banjur sumelanging donya lan daya pamblithuking kasugihan padha ngendhih pangandika mau, temahan ora metu wohe.


Nanging kowe sing awas, sing ngati-ati! Kowe bakal padha diladekake marang pradata agama, lan kowe bakal padha digebugi ana ing papan pangibadah sarta bakal disebakake marang ngarsane para kang ngasta panguwasa lan para raja marga saka Aku, minangka paseksi ana ing ngarsane.


nanging banjur kasusahaning donya iki lan panasaraning kasugihan apadene kamelikan-kamelikan marang bab liya-liyane iku padha sumusup ing ati lan ngendhih pangandika mau, temahan ora metu wohe.


Nanging Gusti mangsuli, pangandikane: “Marta, Marta, kowe iku nyumelangake lan nggrantesake prakara akeh,


Mulane kowe kabeh padha tansah rumantia, awit rawuhe Putraning Manungsa iku ing wektu kang ora koknyana.”


Reksanen awakmu dhewe! Manawa sadulurmu duwe kaluputan welehna; manawa kaduwung apuranen.


Amarga iku bakal nungkebi marang sakabehing wong kang dumunung ing bumi iki.


Paring wangsulane: “Sing padha waspada, supaya kowe aja nganti disasarake. Amarga bakal ana wong akeh kang padha teka nganggo jenengKu lan calathu: Iya aku iki Panjenengane lan iki wus ndungkap wektune. Kowe aja ngetut-buri wong-wong iku.


Kang tumiba ing thethukulan eri iku wong kang padha ngrungokake pangandika, nanging sajrone thukul iku tumuli kelindhih ing rasa sumelang, kasugihan lan kanikmataning ngaurip satemah ora bisa metokake woh kang mateng.


Nanging, anggonku nulis marang kowe iku mau mangkene: kowe aja nganti srawung karo wong, kang sanadyan wong mau ngaku sadulur, nyatane laku jina, cethil, nyembah brahala, gawene mitenah, seneng mendem utawa tukang ngapusi; kowe aja pisan-pisan mangan bebarengan karo wong kang kaya mangkono iku.


kang nyenyolong, cethil, seneng mendem, tukang mitenah lan tukang ngapusi, iku ora bakal tampa panduman warisan Kratoning Allah.


nyembah brahala, sihir, sesatron, pasulayan, meri, brangasan, mung mikir awake dhewe, cidra, roh kang memecah,


Nanging aja nganti kelakon, sawuse krungu surasane prasetyan kang kanthi supaos iki, ana wong kang banjur duwe pangira: Aku mesthi bakal terus slamet, sanadyan lakuku nuruti wangkoting atiku; yen mangkono bakal ndadekake sirnane tanah kang kaluberan dalah kang kakurangan banyu,


Aja padha nyumelangake bab apa bae, nanging padha lairna sakehing pepenginanmu marang Gusti Allah ing pandonga lan panyuwun kalawan caos sokur.


Padha diawas aja nganti ana sing ngoncati sih-rahmate Gusti Allah, supaya aja nganti ana oyod pait kang thukul, kang nuwuhake rerusuh sarta kang njemberi wong akeh.


Nanging bakal tekane dinaning Gusti iku patrape kaya maling; ing dina iku langit bakal sirna kanthi swara gumuruh nggegirisi sarta dhedhasaring wujuding donya bakal lebur kaobong sarta bumi lan kabeh kang ana ing kono bakal ilang sirna.


Mulane para kekasih, sajrone kowe padha nganti-anti marang iku mau, padha mbudidayaa supaya tinemu tanpa cacad sarta tanpa blentong ana ing ngarsane kalawan tentrem-rahayu.


Kang iku sira elinga, kapriye anggonira nampani lan krungu; iku tetepana lan mratobata! Jalaran manawa sira ora jumaga, Ingsun bakal ngrawuhi sira kaya maling, sarta sira ora bakal sumurup wayah apa anggoningSun ngrawuhi sira.


Saulihe Abigail tekan ing panggonane Nabal, lah wonge lagi nganakake bujana ing omahe wis kaya bujananing raja. Nabal bungah-bungah nganti mendem kepati, mulane kang wadon ora martani sakecap-kecapa, nganti tumeka byar esuk.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan