Aku pitutur marang kowe: Satemene bendarane mau mesthi bakal ngangkat dheweke dadi abdi kang tinanggenah rumeksa marang sabarang kagungane bendarane kabeh.
Amarga wong-wong kabeh iku ngaturake pisungsung saka kasugihane, nanging randha iki ngaturake saka ing kamiskinane, malah nyaosake sakabehing darbeke kang kanggo urip.”
Sarta Aku kandha marang kowe, lan kandhaKu iki bener: Dhek jamane Nabi Elia, nalika langit mineb lawase telung taun nem sasi, kang njalari anane pailan kang nggegirisi ana ing satanah kabeh, sanadyan ing Israel akeh randhane,
Aku pitutur marang kowe: Satemene ing antarane wong kang ana ing kene iki, ana kang bakal padha ora ngrasakake pati, manawa durung nyumurupi Kratoning Allah.”
Awitdene sayektosipun Sang Prabu Herodhes saha Sang Pontius Pilatus, kaliyan para bangsa tuwin suku-bangsa Israel sampun sami nglempak wonten ing kitha ngriki, sumedya ngayoni Gusti Yesus, Abdi Paduka ingkang suci, ingkang Paduka jebadi
Awit manawa anggonmu weweh iku kalawan eklas, pawewehmu iku mesthi bakal ditampani, manawa pawewehmu iku awewaton apa kang kokduweni, ora awewaton apa kang ora kokduweni.