29 Gusti Yesus banjur paring pasemon mangkene: “Padha mawanga wit anjir lan wit apa bae.
Bareng mirsa wit anjir ana ing pinggir dalan, tumuli dipurugi, nanging ora manggih apa-apa ana ing wit iku, kajaba mung godhong thok, banjur dipangandikani: “Aja metu wohmu maneh ing salawas-lawase!” Padha sanalika wit anjir mau dadi garing.
Anadene manawa iku kabeh wiwit kalakon, padha njenggeleka lan tumengaa, amarga wis cedhak anggonmu bakal kaluwaran.”
Manawa kowe padha nyumurupi yen wis padha semi, kowe padha ngreti dhewe, yen wis ngarepake mangsa panas.