Ing dina iku wong-wong mau bakal padha linimputan ing swara kaya gumlegere sagara. Manawa wong ngawasake marang ing bumi, lah ing kono ana pepeteng kang ngrerupeki, sarta pepadhang dadi peteng marga saka mendhung!
Dene wong panunggalanira kang isih urip iku atine bakal Sundadekake miris ana ing nagara-nagarane mungsuhe, nganti kumrasaking kleyang kang kabur ing angin, ndadekake padha keplayu kaya playune wong kang nyingkiri pedhang, sarta bakal padha ambruk sanadyan ora ana kang mburu,
“Sawise sangsara ing mangsa iku kalakon, padha sanalika srengenge bakal dadi peteng, rembulan ora sumunar lan lintang-lintang padha tiba saka ing langit sarta pikukuhing langit bakal padha gonjang-ganjing.
“Apadene bakal ana ilapat-ilapat ing srengenge, ing rembulan lan ing lintang-lintang, sarta ing bumi para bangsa bakal padha wedi lan bingung marga saka gumlegering sagara lan alun.