Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 21:24 - Kitab Sutji

24 Wong-wong mau bakal padha tiwas kena landheping pedhang sarta bakal padha kabandhang dadi tawananing bangsa-bangsa kabeh, sarta kutha Yerusalem bakal kaicak-icak dening bangsa kang ora wanuh marang Gusti Allah, nganti tumeka sarampunge jamane bangsa-bangsa iku.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 21:24
16 Iomraidhean Croise  

Dalah Sang Prabu Hemor lan kang putra Sikhem iya disedani klawan pedhang, Dina dijupuk saka daleme Sikhem, banjur digawa lunga.


Kaya mangkono anggone Yusak ngalahake wong Amalek kalawan landhepe pedhang.


Awit saka iku Ingsun bakal paring sumurup marang sira, apa kang bakal Suntandukake marang pakebonaningSun anggur iku: Ingsun bakal mecoki pagere eri, satemah pakebonan iku entek kapangan, lan temboke bakal Sunjugrugake satemah pakebonan iku kaidak-idak.


Punapa sababipun dene tiyang-tiyang dosa sami ngremehaken padaleman Paduka ingkang suci, mengsah kawula sami ngidak-idak pasucen Paduka?


Awit mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Lah Ingsun ngilekake menyang ing kutha iku karahayon kayadene kali, tuwin kasugihane para bangsa kayadene kali kang luber; sira bakal padha nusu, bakal digendhong, bakal diuthun-uthun ana ing pangkon.


Ingsun bakal maringi tengeran ana ing satengahe lan panunggalane iku bakal ana kang Sunutus, yaiku para wong kang bisa oncat, marani bangsa-bangsa, yaiku menyang ing Tarsis, Pul lan Lud, menyang ing Mesekh lan ing Rosy, menyang ing Tubal lan Yawan, lan menyang ing pulo-pulo kang adoh kang durung tau krungu kabar bab Ingsun sarta durung tau ndeleng kamulyaningSun, supaya padha martakake kamulyaningSun ana ing satengahe para bangsa.


Pangeran wus mbucal sakehe para gegedhugku kang ana ing wewengkonku. Pangeran wus damel pista kanggo nglawan marang aku, kanggo nyirnakake para wong nonomanku. Pangeran wus ngidak-ngidak putri Yehuda, para kenya, kaya patrape ngiles-iles meres anggur.


Aku banjur krungu priya kang ngagem pangageman lena kang ana ing sadhuwuring banyune kali iku anggone supaos demi Panjenengane kang gesang langgeng, kambi ngangkat astane kang tengen lan kang kiwa marang ing langit: “Iku lawase samangsa, rong mangsa lan satengah mangsa; lan manawa wus sirna pangwasane juru pangrusaking bangsa kang suci iku, bab iku kabeh bakal rampung!”


Aku banjur krungu wong suci ngandika lan banjur ana wong suci liyane kang ndangu marang kang ngandika mau mangkene: “Nganti pira lawase tumindaking wahyu iki, yaiku kurban dinan lan duraka kang ngrusak, papan suci kang dipasrahake lan wadya-bala kang diidak-idak?”


Ratu mau bakal damel aboting prajanjian iku tumraping wong akeh lawase pitung mangsa. Ing tengah-tengahing pitung mangsa iku panjenengane bakal nguwisi kurban sembelehan lan kurban dhaharan; juru pangrusak banjur bakal teka kalawan swiwining kanisthan, nganti karusakan kang wus katetepake tumempuh marang kang ngrusak mau.”


Awitdene saka ing keblat pletheke srengenge, tekan keblat surupe, asmaningSun luhur ana ing antarane para bangsa, sarta ing saenggon-enggon asmaningSun kasaosan dupa lan kurban dhaharan kang suci, awit luhur asmaningSun ana ing antarane para bangsa, – mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi. –


“Apadene bakal ana ilapat-ilapat ing srengenge, ing rembulan lan ing lintang-lintang, sarta ing bumi para bangsa bakal padha wedi lan bingung marga saka gumlegering sagara lan alun.


Awitdene para sadulur, supaya kowe aja padha nganggep pinter awakmu dhewe, karepku kowe padha nyumurupana wewadi iki: Bangsa Israel iku salong padha mangkotake atine nganti lumebune bangsa-bangsa liyane saganepe.


nyirep geni kang mulad-mulad. Wong iku padha oncat saka landhepe pedhang, wus tampa kakuwatan sajrone nandhang apes, wus padha dadi santosa ing sajroning paprangan sarta wus ngundurake wadyabalaning mungsuh.


Mung platarane sajabane Padaleman Suci iku aja sira ukur, marga iku wus kapasrahake marang para bangsa-bangsa liya kang bakal padha ngidak-idak Kutha Suci lawase patang puluh loro sasi.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan