Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 21:23 - Kitab Sutji

23 Nanging mesakake banget para wong kang lagi ngandheg, utawa kang lagi nusoni bayi ing wektu iku! Amarga bakal ana kasangsaran gedhe ing saindenging nagara lan bangsa iki bakal tampa deduka.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 21:23
18 Iomraidhean Croise  

Tangane wong wadon kang welasan wus padha ngolah anak-anake, kanggo pangane nalika putrining bangsaku rusak.


Sawuse mangkono aku dipangandikani: “Kowe daksumurupake marang apa kang bakal kelakon ing wekasaning bebendu, sabab bab iki tumuju marang wekasaning jaman.


banjur matur marang Panjenengane: “Panjenengan punapa mireng ingkang dipun cariyosaken lare-lare punika?” Gusti Yesus ngandika: “Iya, krungu; apa kowe durung tau maca: Paduka sampun nyawisaken puji medal ing cangkemipun lare-lare saha bayi-bayi?”


Unjuke kang padha didangu: “Tiyang-tiyang duraka wau tamtu dipun sirnakaken, dene kebon anggur badhe dipun sewakaken dhateng tiyang sanes, ingkang badhe ngladosaken pamedalipun ing mangsanipun.”


[Lan sing sapa tiba ing watu iku, bakal ajur mumur lan sing sapa katibanan bakal remuk.]”


Mesakake banget wong kang lagi ngandheg lan kang lagi nusoni ing wektu iku.


Nanging sangsara banget para ibu kang lagi ngandheg utawa kang nusoni ing mangsa iku.


Nanging kabeh satruningsun iki, kang padha ora seneng manawa ingsun jumeneng dadi ratune, iku padha sira ladekna mrene, padha patenana ana ing ngarsaningsun.”


Sabab bakal tumeka wektune, mungsuhmu padha makuwon ing saubengmu, sarta ngepung lan ngrampid kowe saka ing ngendi-endi.


Amarga sumurupa, bakal tumeka ing wektune wong padha duwe pangucap mangkene: Rahayu wong wadon kang gabug, lan weteng kang ora tau nglairake anak, sarta susu kang ora tau nusoni.


Kang iku panimbangku, ngelingi kaanan ing wektu saiki, becik manawa wong iku kaanane ora owah.


awit padha ngalang-alangi anggonku padha nggiyarake pangandika marang bangsa-bangsa liya supaya oleh karahayon. Dadine padha tansah ngundhaki dosane sakatoge, lan saiki padha ketaman ing bebendu tumeka ing wekasan.


Sarta aja lali nindakake kabecikan lan aweh pitulungan, jalaran iya kurban-kurban kang mangkono iku kang ndadekake keparenge Gusti Allah.


Ing saikine, he para wong sugih, nangisa sarta sesambata marga saka anane sangsara kang bakal tumempuh ing kowe!


Jalaran saiki wis tumeka ing titi-mangsane pangadilan kawiwitan lan bakal kawiwitan saka ing padalemaning Allah. Mangka manawa kawiwitan saka kita, kapriye bakal wekasane wong kang padha ora pracaya marang Injiling Allah?


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan