Lumayua saka ing tengahe tanah Babil, saben wong goleka slameting nyawane, supaya sira aja padha katut katumpes marga saka kaluputane! Amarga iki dinaning piwalese Sang Yehuwah; Panjenengane ngganjar marang para wong Babil.
Wus tumeka ing dinaning paukuman, wus tumeka ing dinaning pamales, Israel bakal ngalami, “Nabi iku wong gemblung, wong kang kapenuhan ing roh, iku owah!”, marga saka gedhene kaluputanira lan marga saka bangete anggonira memungsuhan.
Lah dina iku bakal teka, murub kaya pawon; sakehe wong kang sembrana lan sarupane wong kang nglakoni duraka bakal padha dadi kaya dami, sarta dina kang teka iku bakal ngobong wong-wong mau, – mangkono pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi, – nganti ora ngarekake oyod lan pange siji-sijia.
Nanging marga saka wangkoting atimu kang ora gelem mratobat iku, dadine kowe numpuk bebendu kanggo awakmu dhewe, nganti tumeka ing dinane kababaring bebendu lan pangukume Gusti Allah kang adil,
He, para bangsa, padha surak-suraka marga saka umate, awitdene Panjenengane malesake getihe para abdine, sarta bakal ndhawahake piwales marang kang padha nglawan ing Panjenengane, sarta bakal nganakake pirukun tumrap tanahe umate.”
dadi tetela, manawa Pangeran mirsa carane ngentasake wong mursid saka ing godha rencana sarta nyadhangake para wong duraka marang ing dina pangadilan bakal kasiksa,
Nanging dening pangandika iku mau uga, langit lan bumi kang saiki kasingkirake saka ing geni lan kasimpen tumeka ing dina pangadilan sarta tumpese para wong mblasar.