Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 21:19 - Kitab Sutji

19 Manawa kowe padha tetep mantep, kowe bakal padha nampani uripmu.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 21:19
26 Iomraidhean Croise  

Kowe menenga ana ing ngarsane Sang Yehuwah lan nganti-antia marang Sang Yehuwah, aja nepsu marga wong kang sekolehan uripe, sarta marga saka wong kang nglakoni culika.


Kanggo lurah pasindhen. Masmur anggitane Prabu Dawud.


Nalika kawula mireng prakawis punika, gumeter manah kawula, lambe kawula ndhredheg mireng ungelipun; balung kawula kados-kados sami kalebetan bubuk, sarta kawula gumeter wonten ing papan ingkang kawula idak; ewasamanten kawula badhe kanthi ayem ngentosi dinten dhatengipun karibedan, ingkang tumempuh dhateng bangsa ingkang gegrombolan nempuh kawula.


Lan kowe bakal disengiti ing wong kabeh marga saka Aku; nanging sing sapa mantep tumeka ing wekasan, bakal slamet.


Nanging sing sapa mantep tekan ing wekasan, iku bakal rahayu.


Anadene kang tumiba ing lemah becik iku wong kang sawise padha ngrungokake pangandika, tumuli disimpen ing sajroning ati kang becik, sarta mantep lan metokake woh.”


Ujer samubarang kang katulisan ing sadurunge, iku katulisan minangka piwulang kanggo kita, supaya kita ngandhemana ing pangarep-arep kalawan sabar mantep sarta kalawan gondhelan panglipur kang saka ing Kitab Suci.


yaiku wong kang ngantepi panggawe becik, tansah ngupaya kamulyan sarta kaluhuran lan kalanggengan, wong iku bakal padha kaparingan urip langgeng,


Lan ora ngamungake iku bae. Malah kita iya padha ngalembana sajroning sangsara, awit kita padha sumurup manawa sangsara iku njalari mantep,


lan mantep iku njalari tanggon, tanggon nukulake pangarep-arep.


Nanging manawa kita ngarep-arep marang apa kang ora kita deleng, dadi anggon kita padha ngarep-arep iku kalawan sabar mantep.


Sabab aku tansah padha eling marang pagaweaning pracayamu, pambudi-dayaning katresnanmu sarta kaantepaning pangarep-arepmu marang Gusti kita Yesus Kristus ana ing ngarsane Gusti Allah lan Rama kita.


Muga Gusti lestari madhepake atimu marang katresnaning Allah lan marang kamantepaning Sang Kristus.


Sabab kowe butuh sabar mantep, supaya sawuse kowe nglakoni karsane Gusti Allah, padha oleha apa kang wis kaprasetyakake.


Nanging kang padha dakarep-arep sawiji-wijining panunggalanmu supaya nelakake kataberen kang kaya mangkono iku satemah pangarep-arepmu bisa kagayuh sakatoge, nganti tumeka ing wekasan,


Rama Abraham ngentosi kanthi sabar sarta marga saka mangkono banjur tampa apa kang kaprasetyakake.


jalaran kowe padha sumurup, manawa pandadaran tumrap pracaya iku nuwuhake sabar mantep.


Sarta sabar mantep iku kareben metokake woh kang sampurna, supaya kowe dadi sampurna lan mulus, sarta ora kekurangan sawiji apa.


tuwin kawruh kawuwuhan ing pambudidaya ngemudheni dhiri, pambudidaya ngemudheni dhiri kawuwuhan mugen, mugen kawuwuhan mursid,


Aku, Yokanan, sadulur lan panunggalanmu ing sajroning kasusahan, ing sajroning Karajan sarta ing sajroning kamantepan nganti-anti marang Gusti Yesus, lagi ana ing pulo kang aran Patmos marga saka pangandikane Gusti Allah lan paseksen kang kaparingake dening Gusti Yesus.


Sapa kang pinesthi ditawan, iku bakal ditawan; sapa kang pinesthi kapatenan sarana pedhang, iku bakal kapatenan sarana pedhang. Kang prelu ing kene iya iku sabar mantep lan pracayane wong-wong suci.


Kang prelu ing kene yaiku sabar mantepe para suci, kang padha ngantepi pepakoning Allah lan pracaya marang Gusti Yesus.


Sarehne sira wus netepi marang pangandikaningSun, supaya kalawan sabar mantep nganti-anti marang Ingsun, mulane Ingsun iya bakal ngreksa sira ing dina pacoban kang bakal nekani ing sajagad kabeh kanggo ndadar wong kang padha manggon ing bumi.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan