Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 21:18 - Kitab Sutji

18 Nanging ora ana rambutmu saeler bae kang bakal ilang.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 21:18
7 Iomraidhean Croise  

Unjuke wong wadon iku: “Mugi Sang Prabu tansah enget dhateng Pangeran Yehuwah, Gusti Allah dalem, supados pun waris pulih rah punika sampun ngantos kekathahen anggenipun nuwuhaken karisakan lan sampun ngantos sami mejahi anak kawula punika.” Sang Prabu banjur ngandika: “Demi Sang Yehuwah agesang, ora bakal ana rambut saeler-elera kang runtuh saka sirahe anakira ing bumi.”


Mangka kowe iku, malah dalasan rambutmu wus padha dietung kabeh.


malah dalasan rambuting sirahmu iku wis dietung kabeh. Mulane aja padha wedi, ajimu rak ngungkuli manuk emprit pirang-pirang.


apadene kowe bakal padha disengiti dening wong kabeh marga saka jenengKu.


Milanipun kula ngaturi pamrayogi, sami karsaa dhahar rumiyin. Bab punika prelu kangge kawilujengan panjenengan. Ing antawis panjenengan boten wonten satunggal kemawon ingkang badhe kecalan rambut sanadyan namung saeler kemawon saking sirahipun.”


Nanging wong akeh padha munjuk marang Sang Prabu Saul: “Kenging punapa Pangeran Yonatan kedah kasedanan? Rak panjenenganipun ingkang angsal kaunggulan ageng wonten ing Israel. Punika sampun ngantos kelampahan! Demi asmanipun Sang Yehuwah ingkang gesang, remanipun saeler kemawon sampun ngantos dhawah ing siti! Amargi saking pitulunganipun Sang Yehuwah ugi prakawis punika kelampahan ing dinten punika.” Mengkono wong akeh anggone nguwalake Pangeran Yonatan, temah ora kasedanan.


Manawi wonten tiyang ingkang gumregah badhe ngarah nyawa panjenengan dalem, nyawa panjenengan dalem badhe rinimatan ing buntelan panggenaning para tiyang ingkang gesang wonten ing ngarsanipun Sang Yehuwah, Gusti Allah panjenengan dalem, namung nyawanipun para mengsah panjenengan dalem badhe kabandhilaken saking lekokaning bandhil.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan