16 Apamaneh kowe bakal iya padha diulungake dening wong tuwamu, sadulur-sadulurmu, kadang-kadeyanmu lan pawong mitramu sarta ana panunggalanmu sawatara kang bakal dipateni,
Amarga sadulur-sadulurira lan kulawangsanira iku wus padha nyidrani sira: iku uga bebarengan ana ing burinira. Aja padha sira andel, sanadyan tembunge manis marang sira.
Becike saben wong ngawekanana kancane, lan aja ngandel marang sadhengaha sadulur, amarga kabeh sadulur dadi juru apus lan saben kanca mlaku mrana-mrene gawene mitenah.
Sadulur bakal masrahake padha sadulur marang paukuman pati, samono uga bapa masrahake anake, lan anak-anak bakal padha ngwaneni wong-tuwane lan banjur dipateni.
Sadulur bakal ngulungake padha sadulur marang paukuman pati, bapa ngulungake anake sarta ana-anak bakal padha mbalela marang wong-tuwane lan mateni wong-tuwane.
Kabeh bakal padha crah, bapa karo anake lanang, lan anak lanang karo bapakne, embok karo anake wadon, lan anak wadon karo embokne, embok maratuwa karo mantune wadon, lan mantu wadon karo embokne maratuwa.”
Sabab Aku dhewe kang bakal maringi marang kowe tembung-tembung lan kawicaksanan, satemah kowe ora bisa dilawan utawa dibantah dening mungsuh-mungsuhmu.
Ingsun ngudaneni ana ing ngendi panggonanira, iya iku ing panggonane dhampare Iblis; ewadene sira ngugemi asmaningSun, sarta ora nyelaki pracayanira marang Ingsun, uga ora ing nalika jamane Antipas, seksiningSun, kang setya marang Ingsun kang dipateni ana ing ngarepira, ing padunungane Iblis.
Lan nalika Sang Cempe iku nglethek segel kalima, aku tumuli weruh sangisore misbyah ana nyawane para kang wus kapatenan marga saka pangandikane Gusti Allah lan marga saka paseksene.