Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 21:15 - Kitab Sutji

15 Sabab Aku dhewe kang bakal maringi marang kowe tembung-tembung lan kawicaksanan, satemah kowe ora bisa dilawan utawa dibantah dening mungsuh-mungsuhmu.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 21:15
17 Iomraidhean Croise  

Awitdene Sang Yehuwah kang paring kawicaksanan, saka ing lesane miyos kawruh lan kapinteran.


Sang Yehuwah tumuli mulung astane lan ndumuk cangkemku; Sang Yehuwah ngandika marang aku: “Lah Ingsun maringake dhawuhingSun ana ing cangkemira.


Ing dina iku Ingsun bakal nukulake sungu kanggo turune Israel lan ndadosake sira banjur bisa caturan maneh ana ing satengahe wong-wong mau. Ing kono nuli bakal padha sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah.”


Amarga ing wektu iku uga Sang Roh Suci bakal muruki kowe apa kang kudu kokaturake.”


Apamaneh kowe bakal iya padha diulungake dening wong tuwamu, sadulur-sadulurmu, kadang-kadeyanmu lan pawong mitramu sarta ana panunggalanmu sawatara kang bakal dipateni,


Panjenengane banjur mbuka pikirane wong-wong mau supaya padha ngreti marang Kitab Suci.


Tumuli kabeh padha kapenuhan ing Roh Suci sarta banjur padha wiwit guneman nganggo basa-basa liya, bab kang kawisikake dening Roh supaya kalairake.


Nanging nalika Rasul Paulus matur bab kasampurnan, bab ngendhaleni diri, lan bab pangadilan kang bakal kalakon, Sang Feliks banjur rumaos ajrih, nuli ngandika: “Cukup samene bae dhisik, saiki mundura; besuk yen aku pinuju sela, kowe bakal daktimbali maneh.”


Paring wangsulane Sang Prabu Agripa: “Meh bae kowe ngyakinake aku supaya dadi wong Kristen!”


nanging padha ora bisa nglawan kawicaksanane sarta Sang Roh Suci, kang nuntun pamicarane.


uga kanggo aku, supaya manawa aku ngucap, diparingana tetembungan kang bener, lan supaya kanthi kendel anggonku nggiyarake kekeraning Injil,


Dene manawa panunggalanmu ana kang kekurangan kawicaksanan, iku nyuwuna marang Gusti Allah, kang maringi marang sakabehing wong kanthi eklas, ora kanthi ngundhat-undhat, sarta bab iku bakal kaparingake marang dheweke.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan