Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 21:12 - Kitab Sutji

12 Nanging sadurunge iku kabeh, kowe bakal padha dicekel lan dikaniaya; kowe bakal dipasrahake menyang ing papan-papan pangibadah lan ing pakunjaran-pakunjaran sarta bakal padha diirid marang ing ngarsane para ratu lan para panguwasa marga saka jenengKu.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 21:12
31 Iomraidhean Croise  

dene liyane padha nyekel para abdi mau, dikaniaya sarta dipateni.


Nanging iku kabeh mung lagi wiwitaning sangsara ngarepake jaman anyar.


lan bakal ana lindhu kang nggegirisi sarta ing kana kene bakal ana pageblug pes lan pailan, apadene bakal kalakon uga ana bab-bab kang ngagetake tuwin ilapat-ilapat kang nggegirisi saka ing langit.


Padha elinga marang pitutur kang wus Dakwulangake marang kowe: Kang jeneng abdi iku ora ngungkuli bendarane. Manawa Aku iki wus dikaniaya, kowe iya mesthi bakal dikaniaya; manawa iku padha netepi dhawuhKu, mesthi iya netepi pituturmu.


Nanging iku kabeh bakal katandukake marang kowe marga saka Aku, awit padha ora wanuh marang Panjenengane kang ngutus Aku.


Ewasamono panggedhe prajurit mau kapengin nguningani kalawan tliti apa kang dadi pandakwane wong-wong Yahudi marang Rasul Paulus. Mulane esuke dhawuh nimbali Rasul Paulus saka ing pakunjaran lan dhawuh, supaya pangarepe imam lan Pradata Agama nglumpuk. Banjur dhawuh ngirid Rasul Paulus saka beteng diladekake marang ngarsane Pradata mau.


Para rasul padha ditimbali lan disapu sarta dilarang, ora kena memulang atas Asmane Yesus. Sawise mangkono padha kelilan mundur.


Nanging Saulus ngudi marang sirnane pasamuwan, saben omah dileboni, wong lanang lan wong wadon padha diglandhangi lan dipasrahake marang ing pakunjaran.


Tumuli niba ing lemah sarta krungu swara kang mangandikani mangkene: “Saulus, Saulus, yagene sira nganiaya marang Ingsun?”


Kang iku padha sumuyuda, marang sadhengah yeyasaning manungsa marga saka Gusti Allah, dadia marang raja kang kagungan panguwaos kang dhuwur dhewe,


Sira aja wedi ing sadhengaha kasangsaran kang kudu sira sangga! Lah sanyatane Iblis bakal nglebokake wong sawatara panunggalanira marang ing pakunjaran supaya sira kadadara sarta sira bakal kataman ing kasusahan sapuluh dina lawase. Sira disetya tuhu nganti tumeka ing pati, temah bakal Sunganjar makuthaning kauripan.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan