Ingsun bakal damel wong Mesir nglawan padha wong Mesir, supaya padha perang, saben wong nglawan sadulure lan saben wong nglawan mitrane, kutha nglawan kutha, karajan nglawan karajan;
Ing wektu iku bakal timbul geger gedhe kang asale saka Pangeran Yehuwah, nganti wong-wong padha candhak-cinandhak lan tempuh-tinempuh ing antarane kanca padha kanca.
Awit bangsa bakal merangi bangsa, karajan merangi karajan. Bakal ana lindhu ing pirang-pirang panggonan, apadene bakal ana pailan. Iku mau kabeh mung dadi wiwitaning sangsara, ngarepake jaman anyar.
lan bakal ana lindhu kang nggegirisi sarta ing kana kene bakal ana pageblug pes lan pailan, apadene bakal kalakon uga ana bab-bab kang ngagetake tuwin ilapat-ilapat kang nggegirisi saka ing langit.
Sarta manawa kowe krungu pawarta bab peperangan lan kraman, aja padha kaget. Awit iku kabeh mesthi kudu kalakon dhisik, ewadene iku durung ateges, yen bakal enggal tumeka ing wekasaning jaman.”
Ana siji kang asma Agabus kang jumeneng sarta marga saka kuwaosing Roh ngandika, yen ing saindenging jagad bakal katekan pailan gedhe, kang iya kalakon uga nalika jamane Sang Nata Agung Klaudius.
Tetembungan “sapisan engkas” iku nuduhake owah-owahane samubarang kang bisa digonjingake, kaya apa kang katitahake, supaya tetepa samubarang kang ora bisa gonjing.