LUKAS 21:1 - Kitab Sutji1 Bareng Gusti Yesus tumenga, mirsa wong-wong sugih padha nglebokake pisungsunge ana ing pethi pisungsung. Faic an caibideil |
Imam Yoyadha nuli mundhut pethi, tutupe kaparingan bolongan, banjur kadekek ing sandhinging misbyah, ing sisih tengene wong kang lumebu ing padalemaning Sang Yehuwah. Para imam kang jaga lawang saben nampani dhuwit saka wong kang lumebu ing padalemaning Sang Yehuwah, tumuli kalebokake ing pethi mau.
Sang Prabu Nebukadnezar nuli mundhuti sakehe barang ing pasimpenane padalemaning Sang Yehuwah lan barang-barang ing pasimpenaning kraton; emasing sakehe prabot yasane Sang Prabu Suleman, ratu ing Israel, kang ana ing padalemaning Sang Yehuwah, padha diklentheki kabeh, ngetrepi apa kang wus kapangandikakake dening Pangeran Yehuwah.