Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 20:9 - Kitab Sutji

9 Gusti Yesus banjur paring pasemon mangkene marang wong akeh: “Ana wong gawe pakebonan anggur, nuli disewakake marang wong-wong tani, banjur lelungan menyang ing tanah ngamanca nganti sawatara lawase.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 20:9
15 Iomraidhean Croise  

Ewadene sira Suntuwuhake dadi wit anggur pilihan, lan dadi wiji kang murni satuhu. Yagene ta, dene sira kok malih dadi wit kang mambu penguk, dadi wit anggur alasan!


“Awit bab iku kayadene wong kang arep lelungan banjur ngundangi batur-bature, padha dipasrahi barang darbeke,


Panjenengane banjur ngandika: “Ana sawijining priyagung tindak menyang ing tanah adoh bakal kajumenengake ratu ana ing kana, nuli kondur.


Bareng wis tumeka ing mangsane, tumuli kongkonan batur siji nemoni wong-wong mau, padha dikon ngladekake pandumaning pametune pakebonan. Nanging batur iku banjur digebugi dening wong-wong tani mau, lan dikon bali nglenthung.


Gusti Yesus banjur ngandika: “Yen mangkono Aku iya ora gelem kandha marang kowe, kalawan panguwasa sing endi anggonKu nglakoni samubarang kabeh iku.”


“Kowe ngangkata hakim-hakim lan tetindhih-tetindhih ana ing kutha-kuthamu kang diparingake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe miturut taler-talermu; iku padha ngakimana bangsa iku kalawan pangadilan kang jejeg.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan