Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 20:6 - Kitab Sutji

6 Nanging yen aku padha kandha: Saka manungsa, wong-wong mesthi bakal padha mbenturi watu marang kita, amarga padha yakin, yen Yokanan iku nabi.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 20:6
13 Iomraidhean Croise  

Dadi arep apa kowe mrana? Arep ndeleng nabi? Iya, bener, lan Aku pitutur marang kowe, malah kang ngungkuli nabi.


Sang Prabu Herodhes kagungan karsa nyedani Nabi Yokanan, nanging ajrih karo wong akeh, amarga iku padha nganggep nabi marang panjenengane.


Nanging manawa aku kandha: Saka manungsa, aku padha wedi karo wong akeh, awit iku kabeh padha nganggep nabi marang Yokanan.”


Banjur padha mbudi-daya bisane nyekel Panjenengane, nanging padha wedi karo wong akeh, amarga iku padha nganggep nabi marang Panjenengane.


Nanging rembuge: “Aja pinuju ing riyaya, supaya aja ndadekake gegere wong akeh.”


Wong-wong mau banjur padha mbudi-daya nyekel Gusti Yesus, amarga padha ngreti, yen sing dikarepake dening pasemon mau dheweke kabeh. Nanging padha wedi marang wong akeh, mulane banjur padha mundur, Panjenengane ditogake bae.


Dene kowe, ngger, anakku, bakal kasebut nabining Allah Kang Mahaluhur, amarga kowe bakal lumaku dadi cecala ndhisiki tindake Pangeran prelu nyawisake dalan kagem Panjenengane,


Wong-wong mau banjur padha rembugan, ujare: “Manawa aku padha kandha: Saka ing swarga, Dheweke mesthi calathu: Yagene kowe padha ora nganggep?


Nuli padha matur, yen padha ora ngreti saka ngendi baptisane iku.


Nanging para wong Farisi lan para ahli Toret padha nampik marang karsane Gusti Allah tumrap awake dhewe, sarana anggone padha ora gelem dibaptis dening Nabi Yokanan.


Lan akeh wong kang sowan marang ing ngarsane sarta padha rasanan: “Sanadyan Nabi Yokanan ora damel pratandha apa-apa, nanging kabeh kang dipangandikakake dening Nabi Yokanan tumrap wong iku, iku nyata.”


Lurah jagabaya lan para punggawane banjur padha menyang ing Padaleman Suci, nyepeng para rasul, nanging ora kanthi roda-peksa, jalaran wedi, manawa dibenturi watu wong akeh.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan