47 kang padha mangan omahe randha-randha nganti entek, sarta kang nasarake wong kalawan donga kang dawa-dawa. Wong iku mesthi bakal tampa paukuman kang luwih abot.”
kanggo ngalang-ngalangi para wong sekeng anggone ngupaya kaadilan lan kanggo ngrebut wewenange para wong sangsara kang ana ing satengahe umatingSun, supaya padha bisa ngrampas barang darbeke para randha, tuwin bisa njejarahi bocah yatim!
Wong-wong mau banjur padha marani sira kaya rakyat kang nglumpuk lan padha lungguh ana ing ngarepira, katon kaya umatingSun sarta padha krungu apa kang sira ucapake, nanging padha ora nglakoni mangkono; cangkeme kebak tetembungan kang isi katresnan, nanging atine mburu kauntungan kang nistha.
Padha ngidak-idak sirahe wong sekeng ana ing lebu, sarta nasarake dalane wong sangsara; anak lan bapa padha sapaturon karo wong wadon enom siji, satemah nyawiyah kasucening asmaningSun;
kang manawa melik pategalan, iya tumuli ngrebut, lan omah-omah, iya banjur disrobot bae, kang ngroda-peksa wong dalah saisine omahe wong satanah-pusakane.
Nanging sira padha madeg dadi mungsuhe umatingSun. Sira padha ngrebut jubahe wong kang seneng rukun, wong-wong kang padha liwat kalawan tentrem, kang ora kepengin perang.
“Bilai kowe, heh, para ahli Toret lan para wong Farisi, heh, wong lamis, awit kowe ngancingi lawange Kratoning Swarga ana ing ngarepe wong, sabab kowe dhewe ora mlebu lan wong kang arep lumebu kokalang-alangi.
[Bilai kowe, heh, para ahli Toret lan para wong Farisi, heh, wong lamis, amarga kowe padha nguntal omahe randha-randha nganti entek, nganggo pawadan ndedonga dawa-dawa, mulane kowe mesthi bakal tampa paukuman kang luwih abot.]
Nalika samana ewon wong kang padha nglumpuk, nganti padha suk-sukan. Gusti Yesus banjur paring piwulang, kang dhisik marang para sakabate, pangandikane: “Padha diawas marang ragine wong Farisi, yaiku bab lamising budine.
“Padha ngawekanana para ahli Toret, kang padha seneng mlaku-mlaku nganggo jubah landhung lan seneng tampa pakurmatan ana ing pasar sarta seneng linggih ing ngarep dhewe ana ing papan pangibadah lan ing papan kang ingajenan ana ing pahargyan,
Ngakune padha wanuh marang Gusti Allah, nanging diselaki kalawan tingkah-lakune, amarga padha alaku rusuh lan duraka sarta ora bisa nindakake samubarang kang becik.
He para sadulurku, panunggalanmu aja akeh kang padha dadi guru, jalaran kita padha sumurup, manawa kita dadi guru, bakal padha diadili kalawan ukuran kang luwih abot.