ing kono prajanjianingsun marang abdiningSun Dawud uga bisa kabubrah, temah ora duwe turun maneh kang nglungguhi dhamparing kratone, mangkono uga prasetyaningSun karo bangsa Lewi, yaiku para imam kang dadi paladeningSun.
Nalika Gusti Yesus nglajengake tindake saka ing kono, ana wong wuta loro padha nututi lan nguwuh-uwuh, unjuke: “Dhuh, tedhakipun Sang Prabu Dawud, kawula mugi Paduka welasi.”
Nanging panjenenganipun punika satunggaling nabi saha mirsa, bilih Gusti Allah sampun paring prajanji dhateng panjenenganipun kalayan supaos, bilih Gusti Allah badhe nglenggahaken satunggaling tedhakipun Sang Prabu Dawud piyambak wonten ing dhamparipun.
Ingsun, Yesus, wus ngutus malaekatingSun supaya aweh paseksen tumrap prakara iku mau kabeh marang sira kanggo pasamuwan-pasamuwan. Ingsun iki sogol, yaiku trahe Dawud, lintang panjer esuk kang mancorong.”