Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 20:37 - Kitab Sutji

37 Anadene mungguh tangine wong mati iku, Nabi Musa iya wis mratelakake ana ing sajroning carita bab grumbul eri, anggone nyebut Pangeran: Allahe Abraham, Allahe Iskak, tuwin Allahe Yakub.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 20:37
10 Iomraidhean Croise  

karodene Ingsun bakal nganakake prajanjian ing antarane Ingsun kalawan sira saturunira nganti turun-tumurun dadi prasetyan kang langgeng, supaya Ingsun dadi Allahira lan Allahe turunira.


Lah, Sang Yehuwah jumeneng ana ing sisihe sarta ngandika: “Ingsun iki Yehuwah Allahe Abraham embahira lan Allahe Iskak; tanah kang sira turoni iku bakal Sunparingake marang sira lan turunira.


nganti aku mulih menyang ing daleme bapakku kalawan slamet, mesthi Sang Yehuwah bakal dadi Allahku.


Yakub tumuli munjuk: “Dhuh Allahipun embah kawula Abraham saha Allahipun bapa kawula Iskak, dhuh Yehuwah, ingkang sampun ngandika dhateng kawula: Sira muliha menyang tanahira marang sanak kadangira lan Ingsun bakal mbeciki sira,


Dhawuhe Gusti Allah marang Sang Musa maneh: “Tutura marang wong Israel mangkene: Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe para leluhurmu, Gusti Allahe Rama Abraham, Gusti Allahe Rama Iskak lan Gusti Allahe Rama Yakub, iku kang ngutus aku nemoni kowe. Dene iya iku asmaningSun ing salawas-lawase, iku sebutaningSun turun-tumurun.


sarta kalawan pepethingane bumi saisine; apadene sih-kadarmane Kang dedalem ana ing grumbul eri. Kabeh iku tumuruna ing sirahe Yusup, iya ing embun-embune kang pinunjul dhewe ana ing antarane para sadulure.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan