Yen ana wong madoni Putraning Manungsa, iku bakal kaapura, nanging manawa madoni Sang Roh Suci, iku bakal ora kaapura, dadia jaman saiki, dadia ing jaman besuk.
Lurahe banjur ngalem marang juru-gedhong kang ora temen iku, marga saka anggone duwe akal kang mangkono iku, sabab para anaking jagad iki tumrap kang tunggal golongan, akale ngluwihi para ahli-warising pepadhang.
Wong-wong padha mangan lan ngombe, padha omah-omah lan diomah-omahake, nganti tumeka ing dinane Nabi Nuh lumebet ing prau; banjur ana banjir gedhe, kang numpes wong kabeh.
Lah sapunika kadospundi tiyang estri punika, benjing dinten patangen, lajeng sinten ingkang dados semahipun, amargi pitu-pitunipun sami nate dados semahipun?”