Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: “Wong iku catheten ora duwe anak, wong lanang kang ora tau oleh begja ing sajroning uripe, marga turune ora ana siji-sijia kang bisa nglungguhi dhampare Dawud lan nyekel paprentahan ing Yehuda maneh!”
Manawa ana wong lanang kang nunggal turu karo somahe sadulure bapakne, iku dadi nyahak wewenange sadulure bapakne, sakarone padha njalari dosane dhewe, lan bakal padha mati tanpa anak.
“Guru, Nabi Musa paring dhawuh dhateng kula sadaya makaten: Manawa ana wong kang duwe sadulur lanang, tinggal donya, mangka bojone isih urip, nanging ora tinggal anak, sadulure mau wajib ngrabeni bojone iku, supaya bisa nukulake turun kanggo sing tinggal donya mau.