Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 20:28 - Kitab Sutji

28 “Guru, Nabi Musa paring dhawuh dhateng kula sadaya makaten: Manawa ana wong kang duwe sadulur lanang, tinggal donya, mangka bojone isih urip, nanging ora tinggal anak, sadulure mau wajib ngrabeni bojone iku, supaya bisa nukulake turun kanggo sing tinggal donya mau.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 20:28
6 Iomraidhean Croise  

Yehuda banjur tutur marang Tamar mantune: “Anggonmu dadi wulanjar iku manggona ing omahe bapakmu bae, nganti anakku Syela wus gedhe,” marga osike atine mangkene: “Aja nganti mati kaya kakangne karo pisan.” Tamar nuli lunga manggon ana ing omahe bapakne.


Anadene Yehuda ora pangling marang barang-barang iku, tumuli celathu: “Dudu aku, nanging wong wadon iku kang bener, marga pancen ora dakolehake anakku si Syela.” Lan sabanjure wong wadon mau wus ora tau dicedhaki maneh.


Yehuda banjur tutur marang Onan: “Kowe kumpula karo tilas somahe kakangmu, iku epeken bojo, kowe dadia gegentine kakangmu, supaya kowe menehana turun marang kakangmu.”


Kalampahan wonten sadherek jaler pitu, ingkang angka satunggal emah-emah, wusana lajeng tilar donya boten tilar anak.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan