26 Dadine Gusti Yesus ora kena dicengkolong ana ing ngarepe wong akeh. Wong-wong mau padha kaeraman krungu paring wangsulane iku lan banjur padha meneng.
Sarehne Sang Dhaniel ngluwihi para priyagung lan para wakil-raja, marga kadunungan roh kang pininjul, Sang Prabu kagungan karsa arep misudha dadi tetindhihing wewengkon karajan kabeh.
Bareng Gusti Yesus mireng kang mangkono iku, Panjenengane kaeraman, banjur ngandika marang kang padha ndherek: “Satemene pituturKu marang kowe: Pangandel kang samene gedhene iki Aku durung tau tumon ana ing satengahing bangsa Israel.
Nalika Panjenengane ngandika mangkono iku, kabeh kang nglawan padha kisinan, dene wong akeh padha bungah awit saka anane kabeh kang katindakake dening Panjenengane kang sarwa luhur iku.
Marga saka iku padha tansah mindeng marang Gusti Yesus. Banjur nglakokake telik kang sangadi mursid, supaya padha nyengkolong Panjenengane sarana pitakonan temah bisa ngladekake Panjenengane marang wewenang lan panguwasane wali-nagara.
Nanging kita padha sumurup, yen kabeh kang kamot ing kitab Toret iku katujokake marang wong-wong kang kawengku ing angger-anggering Toret, supaya wong kabeh padha kabungkem cangkeme, lan sajagad kabeh iki kena kapatrapan ing paukumane Gusti Allah.