Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 20:21 - Kitab Sutji

21 Wong-wong mau padha ngaturake pitakonan marang Panjenengane mangkene: “Guru, kula sami mangretos, bilih sadaya pangandika tuwin piwulang Panjenengan punika leres sarta bilih Panjenengan boten pados pangalembana, nanging kalayan temen-temen mulangaken margining Allah.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 20:21
16 Iomraidhean Croise  

Mulane sira muga padha kalimputana ing rasa wedi marang Sang Yehuwah. Sira padha tumindaka kalawan ngati-ati, awit pratingkah culika, ngeloni utawa nampani besel iku ora tinemu ana ing Sang Yehuwah, Gusti Allah kita.”


Panjenengane kang ora ngeloni para penggedhe, sarta ora mbedakake wong luhur karo wong cilik, amarga iku kabeh padha pakaryaning astane?


Dhuh Yehuwah mugi karsaa paring pitulungan, awit sampun boten wonten tiyang mursid, tiyang setya sampun sirna saking ing antawisipun anaking manungsa.


Wong iku ngagakake tangane marang para wong kang urip bebarengan karo dheweke kalawan rukun, amarga nerak prajanjiane.


Nuli kongkonan murid-muride bebarengan karo wong-wong Herodhian, matur pitakon: “Guru, kula sami sumerep, bilih Panjenengan punika jujur saha mulang bab margining Allah kanthi jujur, punapa dene Panjenengan boten mraduli dhateng sinten kemawon, amargi Panjenengan boten mawang tiyang.


Kongkonan mau padha ngadhep lan matur: “Guru, kula sami sumerep, bilih Panjenengan punika jujur, tuwin boten ajrih dhateng sinten kemawon, amargi Panjenengan boten mawang tiyang, nanging mulangaken bab margining Allah ing saleresipun. Caos paos dhateng Sang Nata Agung punika punapa dipun kengingaken? Kula kedah nyaosi punapa boten?”


Marga saka iku padha tansah mindeng marang Gusti Yesus. Banjur nglakokake telik kang sangadi mursid, supaya padha nyengkolong Panjenengane sarana pitakonan temah bisa ngladekake Panjenengane marang wewenang lan panguwasane wali-nagara.


Kula sami ngaturaken paos dhateng Sang Nata Agung punika kenging punapa boten?”


seba marang ngarsane Gusti Yesus ing wayah bengi, sarta munjuk: “Rabbi, kawula sami sumerep bilih rawuh Panjenengan dados guru punika kautus dening Gusti Allah, amargi boten wonten tiyang ingkang saged nindakaken pratandha kados ingkang Panjenengan tindakaken punika manawi boten tinunggil dening Allah.”


Awit aku kabeh ora padha karo wong liya kang akeh-akeh, kang padha mburu kabegjan saka pangandikaning Allah. Kosokbaline ana ing Sang Kristus aku padha ngucap ing samesthine kanthi kekarepan-kekarepan kang murni awit saka dhawuhing Allah lan ana ing ngarsane.


Dadi kapriye saikine: kang dakgoleki iku karepe manungsa apa karsane Gusti Allah? Apa aku ngudi gawe senenge manungsa? Saupama aku isih kapengin gawe senenge manungsa, dadi aku dudu abdine Sang Kristus.


Lan mungguh para wong kang kaanggep kajen keringan iku – kapriye mungguh kelenggahane biyen, iku ora prelu tumrap aku, sabab Gusti Allah ora mawas wong kang kajen iku ora mbubuhi apa-apa maneh marang aku.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan