LUKAS 20:20 - Kitab Sutji20 Marga saka iku padha tansah mindeng marang Gusti Yesus. Banjur nglakokake telik kang sangadi mursid, supaya padha nyengkolong Panjenengane sarana pitakonan temah bisa ngladekake Panjenengane marang wewenang lan panguwasane wali-nagara. Faic an caibideil |
Nanging kawula rumiyin kados cempe ingkang tutut ingkang kagiring badhe dipun pragat, kawula boten mangretos, manawi sami sekuthon ngarah nyawa kawula, wicantenipun: “Payo kita padha ngrusak wit iki lan sawoh-wohe pisan! Payo iki disirnakake saka ing tanahe wong urip, temah jenenge ora kocap maneh.”
Kawula sampun mireng reraosanipun tiyang kathah: “Pagiris teka saka ing ngendi-endi! Gugaten dheweke! Aku padha arep nggugat dheweke!” Kanca-kanca kenthel kawula piyambak sami ngintip punapa kawula kesandhung lajeng dhawah: “Bokmanawa dheweke kena diglembuk, temah bisa kita kalahake, lan kita bisa nandukake pamales marang dheweke!”