Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 20:17 - Kitab Sutji

17 Nanging Gusti Yesus tumuli mandeng marang wong-wong iku lan ngandika: “Manawa mangkono apa tegese nas iki: Watu kang tinampik dening para juru gawe omah, iya iku kang wis dadi watu ing pojok.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 20:17
17 Iomraidhean Croise  

Watu kang tinampik dening para juru yasa omah iku wus dadi uger-ugering padon;


mulane mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: “Lah Ingsun mrenahake ana ing Sion sawijining watu, watu kang wus ketitik becik minangka tetales, watu pepojok kang larang, tetales kang santosa: sing sapa pracaya, ora bakal goreh!


Saka ing turune Yehuda iku bakal muncul watu pojokan, saka turun iku bakal muncul pathoking tarub, saka turun iku bakal muncul gandhewa perang, lan iya saka turun iku bakal jumedhul bebarengan sakehing wong kang nyekel pangwasa.


Mungguh watu adi kang wus Sunpasrahake marang Yusak iku saben watu siji ana mripate pitu, sarta Ingsun bakal natahi ukir-ukirane. – Mangkono pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi. – Apamaneh Ingsun bakal ngicali durakane nagara iku mung ing sajroning sadina.


Pangandikane Gusti Yesus: “Apa kowe durung tau maca ing Kitab Suci mangkene: Watu kang ditampik dening tukang-tukang gawe omah, iku wis dadi watu kang baku ana ing pojok. Kadadean iki saka ing Pangeran, sarta elok ana ing pandeleng kita.


Gusti Yesus banjur mirsani ngiwa nengen marang para sakabate lan ngandika, “Pancen angel banget tumraping wong sugih bisane mlebu ing Kratoning Allah.”


Apa kowe durung tau maca nas iki: Watu kang dibuwang dening para juru gawe omah iku wis dadi watu kang baku ana ing pojok.


Gusti sungkawa panggalihe nguningani wangkoting atine wong-wong iku, banjur padha dipirsani mubeng kalawan duka, nuli dhawuh marang kang ceko: “Jejegna tanganmu!” Tangane banjur diathungake, wis mari.


Bareng tindake wis saya cedhak lan mirsa kutha iku banjur dimuwuni,


Amarga Aku pitutur marang kowe, nas ing Kitab Suci iki iya kudu kayektenan tumraping Aku: Panjenengane bakal kaetang kagolongake para durjana. Amarga apa kang katulis tumrap ing Aku iku lagi kalakon.”


Gusti Yesus banjur minger mirsani Petrus. Petrus nuli kelingan, yen Gusti wis ngandika marang dheweke: “Sadurunge jago kluruk ing dina iki, kowe wis nyelaki Aku kaping telu.”


Banjur padha dipangandikani mangkene: “Yaiki pituturKu kang Dakkandhakake marang kowe kabeh, nalika Aku isih nunggal karo kowe, yaiku yen kabeh kang wis katulisan tumraping Aku ana ing sajroning kitab-Torete Nabi Musa lan kitabe para nabi sarta kitab Masmur, iku kudu kayektenan.”


Nanging kang mangkono iku supaya kayektenana pangandika kang katulisan ing kitab Toret surasane: Tiyang-tiyang punika sami sengit dhateng Kawula tanpa sabab.


Gusti Yesus punika sela ingkang kabucal dening para juru yasa padaleman – inggih punika panjenengan piyambak – ewadene sampun dados selaning pepojok.


kang kabangun adhedhasar ing para rasul lan para nabi, kalawan Sang Kristus Yesus kang minangka watuning pepojok.


Sabab ana tulisan sajrone Kitab Suci mangkene: “Sajatine, Ingsun wus masang watu pepilihan ana ing Sion, sawijining watu pojokan kang aji, dene sapa wong kang kumandel marang iku bakal ora kawirangan.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan