Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 20:14 - Kitab Sutji

14 Nanging bareng wong-wong tani iku weruh anake mau, banjur padha rembugan: Iku ahli-warise, ayo dipateni bae, supaya warisane dadi duwekku kabeh.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 20:14
20 Iomraidhean Croise  

Sira nyenyuwuna marang Ingsun, mesthi Sira Sunparingi para bangsa dadi pusakanira, lan pungkasaning bumi dadi darbekira.


Panyebute marang Ingsun bakal mangkene: ‘Paduka punika Rama kawula, Gusti Allah kawula, sarta peparanging karahayon kawula.’


Para sakabat padha mikir-mikir lan banjur padha rasanan: “Anggone ngandika mangkono iku rak marga aku padha ora sangu roti.”


Pambaptise Nabi Yokanan iku saka ing swarga apa saka manungsa?” Wong-wong mau banjur padha rembugan bab iku, mangkene pamikire: “Yen aku padha kandha: saka ing swarga. Dheweke bakal mangsuli: yen mangkono yagene kowe ora pracaya?


Bareng wis meh wancine ngundhuh, kang duwe kongkonan rewang-rewange menyang enggone wong kang nyewa, njaluk pametuning pakebonane.


Saben dina Panjenengane memulang ana ing Padaleman Suci. Para pangareping imam lan para ahli Toret apadene para panggedhening bangsa Israel padha ngudi nyirnakake Panjenengane,


Kang duwe pakebonan banjur calathu mangkene: Apa saiki sing kudu daktindakake? Dakkongkonan anakku kang kekasih, mesthi bakal dieringi.


Anake mau banjur diuncalake menyang ing sajabaning pakebonan anggur sarta banjur dipateni. Saiki apa kang bakal dilakoni dening kang duwe pakebonan anggur iku tumrap wong-wong mau?


Para ahli Toret lan para pangareping imam banjur padha ngudi nyepeng Panjenengane nalika iku uga, amarga padha ngreti, yen dheweke kabeh kang dikarsakake ana ing pasemon iku, nanging padha wedi marang wong akeh.


Wong-wong mau banjur padha rembugan, ujare: “Manawa aku padha kandha: Saka ing swarga, Dheweke mesthi calathu: Yagene kowe padha ora nganggep?


Para pangareping imam lan para ahli Toret padha golek dalan, anggone bisa nyedani Panjenengane, amarga padha wedi karo wong akeh.


Panjenenganipun ingkang kaulungaken dening Gusti Allah miturut karsa saha rancanganipun punika sampun panjenengan salib sarta panjenengan sedani lumantar tanganipun bangsa-bangsa ingkang duraka.


Margi saking makaten punika, dados panjenengan nyedani Panjenenganipun ingkang dados Panuntuning gesang, nanging lajeng sampun kawungokaken dening Gusti Allah saking antawisipun tiyang pejah; saha tumrap bab punika kula ingkang sami dados seksinipun.


Dene manawa kita iki dadi putra, dadi iya ahli waris, tegese wong kang padha nduweni wewenang nampani prasetyane Gusti Allah, kang bakal nampani iku bebarengan karo Sang Kristus, yaiku yen pancen kita padha ndherek nandhang sangsara, supaya iya ndhereka kamulyakake kalawan Panjenengane.


ing jaman wekasan iki Panjenengane wus ngandika marang kita lumantar Kang Putra, kang wus ditetepake dadi ahli-warise tumrap samubarang kabeh; iya lumantar Panjenengane Gusti Allah anggone wus nitahake alam jembar.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan