Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 20:13 - Kitab Sutji

13 Kang duwe pakebonan banjur calathu mangkene: Apa saiki sing kudu daktindakake? Dakkongkonan anakku kang kekasih, mesthi bakal dieringi.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 20:13
19 Iomraidhean Croise  

Apa maneh ta kang kudu katindakake tumrap pakebonaningSun anggur iku, kang durung Sunlakoni? Ingsun ngajeng-ajeng supaya metokna woh anggur kang becik, yuagene dene mung metokake woh anggur kang kecut?


Samangsa turune Yehuda krungu bab sakehing bilai, kang Sunrancang bakal Suntandukake marang wong-wong iku, bokmanawa siji-sijine bakal mratobat saka polah-tingkahe kang ala, temah Ingsun ngapura kaluputan lan dosane.”


Bokmanawa pasambate sumengka ing ngarsane Sang Yehuwah, banjur sawiji-wijine padha mratobat saka ing polah-tingkahe kang ala iku, amarga gedhe bebendune lan mulad-mulading deduka kang diagem ngancam dening Sang Yehuwah marang bangsa iki.”


Mulane sira, anaking manungsa, nyawisna kapreluaning wong buwangan lan ing wayah awan sira lumakua kayadene wong buwangan ana ing ngarepe wong-wong mau; mangkata saka ing panggonanira saiki menyang panggonan liyane kayadene wong buwangan ana ing ngarepe. Bokmanawa banjur padha ngakoni manawa padha wangkot.


He Efraim, mangsa Ingsun ngetogake marang sira, ngulungake sira, he Israel! Mangsa Ingsun ngetogake sira kaya Adma, ndadekake sira kaya Zeboim! PanggalihingSun dadi pulih, sih-piwelasingSun kagugah babar pisan.


He, Efraim, apa kang bakal Suntandukake marang sira? He Yehuda, sira bakal Sunkapakake? Sih-susetyanira kaya pedhu esuk, kaya ebun kang esuk uthuk-uthuk ilang.


Sajrone lagi matur, dumadakan ana mega padhang kang ngayomi wong akeh, sarta banjur ana swara kaprungu saka ing sajroning mega, pangandikane: “Iki PutraningSun, KekasihingSun, Kang damel renaning panggalihingSun, Iku sira rungokna.”


Banjur ana swara saka ing swarga, kang ngandika: “Iki PutraningSun, kekasihingSun, kang ndadekake renaning panggalihingSun.”


Pangandikane: “Ing sawijining kutha ana hakim kang ora wedi marang Gusti Allah lan ora mreduli marang wong.


Hakim mau sawatara lawase ora gelem, nanging wasana banjur nggagas mangkene: Sanadyan aku ora wedi marang Gusti Allah lan ora mreduli marang wong siji-sijia,


Sabanjure nuli kongkonan maneh kang kaping telune, nanging iku iya ditatoni dening wong-wong mau sarta tumuli diuncalake menyang ing sajabaning kebon.


Nanging bareng wong-wong tani iku weruh anake mau, banjur padha rembugan: Iku ahli-warise, ayo dipateni bae, supaya warisane dadi duwekku kabeh.


Ing mega kono tumuli ana swara keprungu mangkene: “Iki PutraningSun kang Sunpilih, padha estokna dhawuhe!”


Anadene aku wus ndeleng lan nekseni yen iku Putraning Allah.”


Awit bab kang ora bisa ditindakake dening angger-anggering Toret awit saka apese marga dening daging, wus katindakake dening Gusti Allah sarana ngutus Kang Putra piyambak ana ing daging, nyami warni kaya daging kadosan awit saka dosa. Panjenengane wus matrapi paukuman tumrap dosa ana ing daging,


Nanging bareng wus tekan ing ganepe mangsa, Gusti Allah ngutus Kang Putra, kang miyos saka wanita, miyos kawengku ing angger-anggering Toret,


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan