Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 20:10 - Kitab Sutji

10 Bareng wis tumeka ing mangsane, tumuli kongkonan batur siji nemoni wong-wong mau, padha dikon ngladekake pandumaning pametune pakebonan. Nanging batur iku banjur digebugi dening wong-wong tani mau, lan dikon bali nglenthung.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 20:10
32 Iomraidhean Croise  

Sawuse mangkono Zedekia bin Kenaana maju lan napuk Nabi Mikha kalawan ngucap: “Mangsa Rohing Yehuwah kok pindhah saka aku banjur ngandika marang kowe!”


Sang Yehuwah wus ngengetake wong Israel lan wong Yehuda lumantar sakehing nabi lan sakehe wong sidik: “Sira padha balia saka ing dalan-dalanira kang ala iku lan lestaria padha nindakake dhawuh lan pranataningSun, laras kalawan sakehing angger-angger kang wus Sunparingake marang para leluhurira kang wus Sunparingake lumantar para abdiningSun, para nabi.”


Sang Prabu Hanun tumuli dhawuh nyekel para abdine Sang Prabu Dawud mau, kang banjur dicukur sarta sandhangane ing tengah dikethok nganti tekan ing cethik, sawuse mangkono banjur diculake.


Sang Prabu Asa banjur gerah ing panggalih, marga saka ature wong sidik mau, wong iku nuli dilebokake ing pakunjaran, awit Sang Nata banget dukane marang wong mau jalaran saka anggone munjuk mangkono mau. Ing nalika samana Sang Prabu Asa uga nganiaya wong sawetara panunggalane rakyat.


Ewadene sami wangkot sarta mbalela dhumateng Paduka. Angger-angger Paduka dipun singkur lan para nabi Paduka, ingkang ngengetaken supados wangsul mratobat dhumateng Paduka, sami dipun pejahi. Sami nindakaken kanisthan ingkang ageng.


Suprandene Paduka karsa nglajengaken anggen Paduka tumindak sabar ngantos pinten-pinten taun laminipun. Sarana Roh Paduka Paduka ngengetaken, inggih punika lumantar para nabi, nanging sami boten nggatosaken, temah Paduka ulungaken dhateng ing tanganipun bangsa-bangsa ing sakathahing nagari.


Wong iku kaya wit kang tinandur ana ing sapinggiring kali, kang metokake woh ing kalamangsane, lan ora alum godhonge, apa bae kang ditandangi mesthi lestari.


Tanpa guna anggoningSun nggebagi anak-anakira, pamerdi ora digape pedhangira dhewe wus mangsa para nabinira nganti entek, kaya singa nom kang nyenyempal.


Nabi Yeremia nuli disapu lan dibelok ana ing gapura Benyamin, kang ana ing dhuwure padalemane Sang Yehuwah.


Ingsun wus ngutus marani sira sakehe abdiningSun, yaiku para nabi, tanpa kendhat anggone mituturi: Padha mratobata saka tindak-tandukira kang ala, panggawenira owahana supaya becik, aja ngetutwuri allah liyane lan aja sujud nyembah marang iku, temah sira bakal tetep manggon ana ing tanah kang Sunparingake marang sira lan leluhurira. Nanging sira padha suthik nggatekake lan ngestokake marang Ingsun.


Ing sajroning atine ora padha mosik: Prayogane kita padha wedi marang Sang Yehuwah, Gusti Allah kita, kang paring udan ing kalamangsane, udan ing wiwitan lan wekasaning mangsa, lan netepake mangsa panen kang mesthi kanggo kita.


Yerusalem, Yerusalem, kowe kang mateni para nabi lan mbenturi watu marang wong-wong kang padha diutus nemoni kowe. Wis makaping-kaping anggonKu arep nglumpukake anak-anakmu, padha kaya babon anggone nglumpukake kuthuk-kuthuke ana ing sangisoring swiwine, nanging kowe ora ngolehake.


Sawise mangkono dheweke kongkonan batur liyane, nanging iku iya digebugi lan diwirang-wirangake dening para wong tani mau lan dikon bali nglenthung.


Gusti Yesus banjur paring pasemon mangkene marang wong akeh: “Ana wong gawe pakebonan anggur, nuli disewakake marang wong-wong tani, banjur lelungan menyang ing tanah ngamanca nganti sawatara lawase.


Dudu kowe kang padha milih Aku, nanging Aku kang milih kowe. Sarta Aku wus netepake, supaya kowe padha lunga lan metokake woh lan wohmu iku lestaria, dimen kowe padha kajurungana apa kang koksuwun marang Sang Rama atas saka jenengKu.


Yen mangkono, para sadulurku, kowe iya wis padha mati tumrap ing angger-anggering Toret, jalaran saka sarirane Sang Kristus, supaya kowe dadia kagunganing liyan, yaiku kagungane Panjenengane, kang wus kawungokake saka ing antarane wong mati, amrih kita padha metokna woh, sumaos kagem Gusti Allah.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan