Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 20:1 - Kitab Sutji

1 Ing sawijining dina nalika Gusti Yesus pinuju memulang marang wong akeh ana ing Padaleman Suci sarta martakake Injil, para pangareping imam, para ahli Toret lan para pinituwa padha sowan ing ngarsane

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 20:1
10 Iomraidhean Croise  

Ing nalika iku Gusti Yesus ngandika marang wong akeh mau: “Rumangsamu Aku iki begal, dene anggonmu teka sikep gegaman pedhang lan penthung, arep nyekel Aku? Mangka saben dina Aku linggih lan memulang ana ing Padaleman Suci, kowe ora nyekel Aku.


tuwin munjuk marang Gusti Yesus: “Kula sami kapangandikanana, menggah anggen Panjenengan nindakaken samukawis sadaya punika kanthi panguwaos ingkang pundi, saha sinten ingkang maringi panguwaos punika dhateng Panjenengan?”


Sawise iku ora let suwe Gusti Yesus banjur tindak njajah kutha-kutha lan desa-desa martakake Injil Kratoning Allah, kadherekake dening sakabate rolas,


Wangsulane Gusti Yesus: “AnggonKu mituturi jagad iku ana ing ngedhengan: AnggonKu mulang ing salawase ana ing papan-papan pangibadah utawa ing Padaleman Suci, yaiku papan pakumpulane kabeh wong Yahudi; Aku ora tau rembugan apa-apa kalawan dhedhelikan.


Nalika Rasul Petrus lan Rasul Yokanan lagi mangandikani wong akeh, dumadakan padha katekanan para imam lan lelurahe jaga baya Padaleman Suci sarta para wong Saduki.


Kanthi patrap mangkono wong-wong mau padha nggegerake wong akeh lan para pinituwa tuwin para ahli Toret; tumuli padha ngebyuk marang Sang Stefanus, diglandhang diladekake marang ing ngarsane Pradata Agama,


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan