Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 2:9 - Kitab Sutji

9 Dumadakan ana malaekating Pangeran jumeneng ing sacedhake sarta padha kasorotan ing cahya kamulyane Pangeran temahan padha wedi banget.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 2:9
27 Iomraidhean Croise  

nganti para imam ora tahan ngadeg nindakake pangibadah, marga saka mega iku, jalaran kamulyaning Yehuwah ngebeki padalemane Sang Yehuwah.


Kacarita nalika sapasamuwane Israel lagi dipangandikani dening Rama Harun, tumuli padha madhep marang ing pasamunan, lah cahya kamulyaning Sang Yehuwah ngatingal ana ing megane.


Lan sesuk kowe bakal padha weruh kaluhuraning Pangeran Yehuwah, marga panggrundelmu wus dipirsani. Sabab aku iki apa, dene kowe padha nggrundeli marang aku?”


bakal metu kembange akeh banget kaya kembang mawar, bakal surak-surak, bakal surak-surak lan sumyak-sumyak. Bakal kaparingan kamulyaning Libanon kaluhuraning Karmel lan Saron; bakal padha ndeleng kamulyaning Yehuwah, kaluhuraning Allah kita.


ing kono kamulyaning Sang Yehuwah bakal kalairake tuwin umat manungsa kabeh bakal padha ndeleng iku bebarengan; Pangeran Yehuwah piyambak nyata-nyata wus ngandika mangkono!”


Ngadega dadia pepadhang, sabab padhangira teka, lan kamulyaning Sang Yehuwah mletheki sira.


Aku banjur ngadeg lan mangkat menyang ing lebak, lah ana ing kono kamulyane Sang Yehuwah katon kaya kamulyan kang wus dakdeleng ana ing pinggir kali Kebar; aku tumuli sujud.


Nanging bareng lagi duwe gagasan mangkono iku, tumuli ana malaekating Pangeran ngatingali sajroning pangimpen, dhawuhe: “He, Yusuf, tedhake Dawud, aja sumelang anggonmu ngepek Maryam dadi bojomu, awit Putra kang kabobotake iku marga saka Roh Suci,


Nalika malaekat mau lumebu ing omahe Maryam, banjur ngandika: “Bagea, kowe kang kinasihan, Pangeran tansah nganthi marang kowe.”


Kacarita ing jajahan kono ana pangon-pangon kang padha nginep ing ara-ara njaga pepanthaning kewane.


Nalika lagi padha ngadeg kalawan kuwur atine marga saka kaanan kang mangkono iku, dumadakan ana priya loro padha jumeneng ing cedhake, pangagemane mancorong.


Bab iki dipangandikakake dening Nabi Yesaya marga wus ningali kamulyane sarta wus mangandikakake bab Panjenengane.


Dumadakan ana sawijining malaekate Pangeran jumeneng ing sacelake Rasul Petrus lan sel kono kapadhangan ing cahya. Malaekat mau banjur nyeblek Rasul Petrus, supaya wungu kalawan ngandika: “Enggal tangia!” Rantene nuli ucul saka ing astane Rasul Petrus.


Awit kala wau dalu wonten malaekating Allah, inggih punika Gusti Allah, ingkang kula sembah-sembah tuwin ingkang ndarbeni kula, jumeneng wonten ing sandhing kula


Nanging bareng bengi ana malaekate Pangeran kang ngengakake lawang-lawange pakunjaran mau lan banjur ngirid metu para rasul, sarta ngandika:


Lan kita kabeh iki padha ngatonake kamulyane Gusti kalawan rai kang ora katutupan kaya ana ing pangilon sarta padha kasalinan rupa madhani pasemone iku kalawan kamulyan kang mundhak-mundhak, kang asale saka Gusti kang asipat Roh.


Awit Gusti Allah kang wus ngandika, “Saka ing pepeteng bakal ana pepadhang kang sumorot!”, iku uga kang nyorotake pepadhang ana ing ati kita, supaya kita kapadhangan ing kawruh bab kamulyane Gusti Allah kang katingal ana ing wedanane Sang Kristus.


Sarta sanyata linuhur wewadine pangibadah kita iku: “Panjenengane kang wus ngatingal awujud manungsa wus kaleresake marga dening Roh kang ngatingal marang para malaekat, kawartosake ana ing antarane para bangsa kang ora wanuh marang Gusti Allah; kang dipracaya ana ing jagad, iku wus kasengkakake marang kamulyan.”


Sarta tetingalan iku nggegirisi banget, nganti Nabi Musa ngandika: “Aku giris lan gumeter.”


Sawuse mangkono, aku weruh malaekat liyane tumedhak saka ing swarga. Malaekat mau kagungan panguwasa gedhe sarta bumi dadi padhang marga saka kamulyane.


Aku banjur weruh dhampar gedhe putih lan Panjenengane, kang nglenggahi. Bumi lan langit padha sirna saka ing pangayunane lan wus ora ketemu maneh papane.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan