Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 2:7 - Kitab Sutji

7 banjur mbabar Putra kakung, kang pambajeng, nuli digedhong lan diselehake ing pamakanan, sabab ana ing papan panginepan padha ora komanan panggonan.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 2:7
16 Iomraidhean Croise  

Satekane ing pondhokan, bareng salah siji mbukak bagore arep makani kuldine, nuli weruh duwite ana ing jero bagor tumumpang ing dhuwur gandum.


sareng kula wangsul dumugi ing pondhokan sami mbikaki bagor, lah artanipun tiyang satunggal-satunggalipun pinanggih wonten ing bagoripun tumumpang wonten nginggil saha boten kalong; dene sapunika arta wau kula bekta mriki malih.


Paduka ingkang dipun sebut, lajeng Paduka entasaken; sami pitados dhumateng Paduka, lan sami boten kawirangan.


Kacarita bareng ana ing dalan ana ing panginepan, Sang Musa tumuli dipanggihi dening Pangeran Yehuwah bakal disedani.


Awit saking punika Pangeran piyambak ingkang badhe paring pratandha dhumateng panjenengan dalem: Lah Sang Kenya badhe nggarbini saha badhe mbabar putra kakung sarta badhe ngasmakaken putranipun wau Imanuel.


nanging ora diwori turu, nganti tumekane wis mbabar putra, kang banjur dinamakake Yesus.


Apa iku dudu anake tukang kayu? Embokne jenenge rak Maryam, lan sadulure Yakobus, Yusuf, Simon lan Yudas?


Gusti Yesus ngandika: “Asu-wawar padha duwe rong, lan manuk ing awang-awang pada duwe susuh, nanging Putraning Manungsa ora duwe panggonan kanggo nyelehake sirahe.”


Wong mau banjur diparani, tatu-tatune diperban, sawise mangkono nuli dikopoh lenga lan anggur, banjur ditunggangake ing kuldine digawa menyang ing panginepan sarta dirukti.


Bareng wis tekan kono, Maryam anggone ngandheg wis tekan ing leke,


Kacarita ing jajahan kono ana pangon-pangon kang padha nginep ing ara-ara njaga pepanthaning kewane.


Anadene Sang Sabda wus dadi daging sarta makuwon ana ing antara kita, lan aku wus padha nyawang kamulyane, iya iku kamulyan kang kaparingake marang Panjenengane kang jumeneng Putrane ontang-anting Sang Rama, kang kapenuhan ing sih-rahmat lan kayekten.


Marga kowe wus padha sumurup marang sih-rahmate Gusti kita Yesus Kristus, yaiku manawa Panjenengane, kang amarga saka kowe dadi mlarat, sanadyan Panjenengane iku sugih, supaya kowe dadia sugih marga kamlaratane.


Nanging bareng wus tekan ing ganepe mangsa, Gusti Allah ngutus Kang Putra, kang miyos saka wanita, miyos kawengku ing angger-anggering Toret,


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan