6 Bareng wis tekan kono, Maryam anggone ngandheg wis tekan ing leke,
nanging karsane Sang Yehuwah iku tetep ing salawase, tuwin ciptaning galih iku turun-tumurun.
Atine wong ngrancang-ngrancang prakara akeh, nanging putusane Sang Yehuwah iku kang bakal kelakon.
Mulane bangsa iku mung arep ditogake bae nganti tumeka wektune wanita kang pinesthi mbabar putra wus kelakon mbabar, nuli kekarening para sadulure bakal padha bali nunggal karo wong Israel.
Bareng Elisabet anggone ngandheg wis tekan ing leke, banjur nglairake jabang-bayi lanang.
supaya didhaftarake bebarengan karo Maryam, pacangane, kang lagi ngandheg.
banjur mbabar Putra kakung, kang pambajeng, nuli digedhong lan diselehake ing pamakanan, sabab ana ing papan panginepan padha ora komanan panggonan.