Lah Ingsun nglampahake utusaningSun, Sundhawuhi ngrata dalan ana ing ngarsaningSun! Kalawan dadakan Pangeran kang sira goleki iku bakal rawuh ing padalemane! Lah Malaekate prasetyan kang sira karepake iku rawuh –, mangkono pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi.
Gusti Yesus banjur lumebet ing Padaleman Suci sarta nundhungi wong kang padha dol-tinuku ana ing plataraning Padaleman Suci, meja-mejane wong pareyalan lan bangku-bangkune wong adol manuk dara padha digolingake,
Bareng rama-ibune weruh padha njenger. Kang ibu banjur calathu marang Panjenengane: “Angger, yagene Kowe kok mangkono marang aku. Bapakmu lan aku padha nggoleki Kowe kalawan susah.”
Nanging Aku iki nduweni paseksen kang ngungkuli paseksene Nabi Yokanan, iya iku sakabehing ayahan kang kaparingake Sang Rama marang Aku, supaya Daktindakake. Ayahan mau iya kang Daktindakake saiki, kang dadi paseksene anggonKu kautus dening Sang Rama.