Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 2:47 - Kitab Sutji

47 Kabeh wong kang ngrungokake pangandikane padha kaeraman marang kapinterane lan wangsulane.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 2:47
13 Iomraidhean Croise  

Akal budi kawula punika nglangkungi para guru kawula, margi dhawuh pepenget-pepenget Paduka kawula gilut-gilut.


Sarawuhe ing kutha asale, wong-wong ing kono padha diparingi piwulang ana ing papan pangibadahe. Wong-wong mau padha kaeraman, pangucape: “Wong iku olehe kawicaksanan lan panguwasa nindakake mukjijat saka ing ngendi?


Wong akeh kang padha ngrungokake, padha kaeraman ing bab piwulange.


Kacarita, bareng Gusti Yesus wus mungkasi pangandikane iku mau, wong kabeh padha gumun banget marang piwulange,


Wong-wong padha kaeraman ngrungokake piwulange, amarga anggone paring piwulang iku kaya kang kagungan panguwaos, ora kaya para ahli Toret.


Para pangareping imam lan para ahli Toret padha krungu lelakon iku, banjur mbudidaya bisane nyedani Panjenengane, amarga padha wedi marang Panjenengane, awit wong akeh padha kaeraman kabeh ngrungokake piwulange.


Bareng dina Sabat Panjenengane wiwit memulang ana ing papan pangibadah, sarta akeh banget wong kang padha kumpulan, lan padha kaeraman nalika ngrungokake, banjur padha sapocapan: “Kabeh iku olehe saka ngendi? Lan kawicaksanan apa kang kaparingake marang Dheweke? Sarta mukjijat-mukjijat kang kaya mangkono Dheweke kok bisa nganakake?


Kabeh wong kang padha krungu, padha gumun marang critane pangon-pangon mau.


Kacarita sawise telung dina ketemu ana ing Padaleman Suci lagi lenggah ana ing satengahe para alim-ulama, mirengake piwulange, sarta tetaken.


Kabeh wong padha nganggep bener marang Panjenengane apadene padha kaeraman marang aruming pitembungan kang dipangandikakake, banjur padha cluluk mangkene: “Apa Iku dudu anake Yusuf?”


Wong-wong padha kaeraman krungu piwulange, amarga pangandikane kanthi panguwasa.


Wong Yahudi padha kaeraman, pangucape: “Wong iku olehe kawruh kang kaya mangkono iku saka ing ngendi, dene ora nganggo sinau!”


Wangsulane wong-wong iku: “Salaminipun dereng nate wonten tiyang ingkang wicanten kados tiyang punika!”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan