Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 2:46 - Kitab Sutji

46 Kacarita sawise telung dina ketemu ana ing Padaleman Suci lagi lenggah ana ing satengahe para alim-ulama, mirengake piwulange, sarta tetaken.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 2:46
13 Iomraidhean Croise  

Bareng let rong dina Yerobeam sowan marang ing ngarsane Sang Prabu Rehabeam karo rakyat kabeh, ngetrepi apa kang didhawuhake dening Sang Prabu: “Besuk emben padha sowana mrene maneh.”


Nanging padha diparingi wangsulan mangkene: “Padha mundura nganti besuk emben, nuli padha balia seba marang ingsun.” Rakyat kabeh tumuli padha mundur.


Pangeran Allah wus mulang guneman marang Ingsun kayadene murid, supaya Ingsun bisa nyantosakake wong kang lemes lesu kalawan tembung. Saben esuk talinganingSun kapredi ngrungokake kayadene murid.


Awit padha kaya Yunus anggone ana ing wetenge iwak telung dina telung bengi, mangkono uga Putraning Manungsa bakal ana ing jerone telenging bumi telung dina telung bengi.


Wiwit nalika iku Gusti Yesus wiwit paring pitedah marang para sakabate, yen Panjenengane kudu tindak menyang Yerusalem, lan bakal nandhang kasangsaran pirang-pirang marga saka panggawene para pinituwa, para pangareping imam lan para ahli Toret sarta banjur disedani, lan ing telung dinane kawungokake.


Kabeh wong kang ngrungokake pangandikane padha kaeraman marang kapinterane lan wangsulane.


Ing sawijining dina nalika Gusti Yesus pinuju memulang, ana wong Farisi lan ahli Toret sawatara kang padha lungguh ngrungokake. Iku padha teka saka ing desa-desa ing tanah Galilea lan Yudea, sarta saka ing kutha Yerusalem. Kawasaning Pangeran ana ing Panjenengane, mula saged paring kawarasan marang wong lara.


Gusti Yesus mangsuli pangandikane: “Kowe iku rak dadi gurune wong Israel, dene kok ora ngreti prakara iku?


Nanging ana sawijining priyayi Farisi, asma Gamaliel, ahli Toret kang kajen banget ana ing antarane wong akeh, kang nuli jumeneng sarta mundhut, supaya para rasul padha didhawuhana metu sadhela.


Wong iku padha arep dadi guruning angger-anggere Toret, mangka ora mangreti marang tembung-tembunge dhewe sarta marang bab kang baku-baku, kang diwulangake kanthi tandhes.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan