Sawuse mangkono Sang Prabu Amazia, ratu ing Yehuda, nganakake pirembagan lan banjur utusan wong marang ing ngarsane Sang Prabu Yoas, bin Yoakhas bin Yehu, ratu ing Israel, kadhawuhan nglantarake pangandikane mangkene: “Sumangga kita sami ngaben kakiyatan!”
Pitung dina lawase sira mangana roti tanpa ragi; dina kang kapisan sira padha nyingkirna sakehe ragi saka ing omahira, amarga saben wong kang mangan sadhengah apa kang mawa ragi wiwit ing dina kapisan tumeka ing dina kang kapitu, wong iku kasirnakna saka ing satengahe Israel.
Sarehne dikira yen Panjenengane awor karo wong-wong sing padha mulih tunggal dalan, mulane padha mbacutake lakune nganti sadina, banjur padha nggoleki Panjenengane ana ing antarane para sanak kadang lan para pitepungane.